Apa Aku Mémang Isih Sanggup Nyetir Kendaraan Dhéwé?
SELAMA puluhan taun, njenengan mungkin wis nyetir mobil utawa numpak motor dhéwé. Njenengan seneng merga isa mandiri lan ora perlu ngrépoti sapa-sapa. Tapi, saiki kanca lan keluarga mulai kuwatir lan ngomong nèk njenengan ora éntuk nyetir manèh, padahal njenengan ngrasa isih sanggup.
Nah, nèk situasiné kaya ngono, apa waé sing isa dipikirké bèn isa mutuské apa mémang isih sanggup nyetir?
Ing beberapa negara, ana aturan nèk péngin memperpanjang SIM, meréka sing wis mencapai umur tertentu kudu éntuk surat keterangan saka dokter. Nèk ing negarané njenengan ana aturan kaya ngono, ya kudu manut. (Rm. 13:1) Tapi, bahkan nèk ing negarané njenengan ora ana aturan kaya ngono, ing artikel iki ana hal-hal sing isa dipikirké kanggo mutuské apa mémang isih sanggup nyetir apa ora.
MASTÈKKÉ SIK NYETIRÉ
Menurut saran saka situs wèb Institut Penuaan Nasional (NIA) ing Amerika Serikat, njenengan isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa mripatku wis blawur kanggo ndelok rambu lalu lintas utawa nyetir pas bengi?
Apa aku wis kangèlan nolah-nolèh kanggo ndeloki spion lan aréa ing sekitar kendaraan sing ora kétok saka spion (blind spot)?
Apa rèflèksku wis ora apik, misalé nèk kudu ngerém mendadak?
Apa nyetirku terlalu alon nganti marahi macet?
Akhir-akhir iki, apa aku beberapa kali mèh tabrakan? Apa kendaraanku mbarèt-mbarèt utawa péyok merga nyrèmpèt utawa nabrak sesuatu?
Apa aku tau distop polisi merga nyetirku membahayakan?
Apa aku tau keturon pas lagi nyetir?
Apa aku ngombé obat-obatan sing isa mempengaruhi caraku nyetir?
Apa ana keluarga utawa kanca sing ngomong kuwatir nèk aku nyetir?
Nèk siji utawa loro pertanyaan kuwi jawabané ”iya”, mungkin apik nèk mikirké kanggo nggawé beberapa penyesuaian, misalé ora terlalu kerep nyetir, terutama pas bengi. Terus, kudu kerep-kerep mastèkké apa carané nyetir isih aman. Njenengan ya isa njaluk pendapaté keluarga utawa kanca soal carané njenengan nyetir. Mungkin, njenengan isa mèlu kursus soal carané nyetir sing aman. Tapi, nèk jawabané ”iya” ana telu utawa luwih, mungkin apiké ora usah nyetir manèh.a
PATHOKAN ING ALKITAB SING ISA DITRAPKÉ
Mungkin njenengan ora menyadari nèk kemampuané kanggo nyetir wis ora kaya mbiyèn manèh. Utawa, pas dikandhani bèn ora nyetir manèh, mungkin njenengan dadi tersinggung. Nah, bèn isa nduwé pertimbangan sing apik lan isa nggawé keputusan sing bener, ana loro pathokan ing Alkitab sing isa dipikirké.
Kudu sadhar diri. (WB. 11:2, cathetan ngisor) Wektu tambah tuwa, penglihatan, pendengaran, otot, lan gerak rèflèks wis mulai menurun. Makané, akèh-akèhé wong mutuské ora melakukan olahraga tertentu manèh merga sadhar nèk pas tambah tuwa, meréka luwih gampang cedera. Nah, nyetir ya kaya ngono. Wong sing sadhar diri bakal mutuské ora nyetir manèh wektu ngerti nèk nyetiré wis ora aman. (WB. 22:3) Dhèwèké ya bakal ngrungokké sarané wong liya sing ngomong nèk dhèwèké apiké ora nyetir manèh.—Bandhingna 2 Samuèl 21:15-17.
Aja nganti utang getih. (PT. 22:8) Nèk nyetiré ora aman, isa marakké wong liya cilaka utawa mati. Nèk nékad nyetir padahal kemampuané wis ora apik, kuwi ora mung bahaya kanggo dhèwèké dhéwé, tapi ya kanggo wong liya. Malah, nèk nganti marakké wong liya mati, kuwi berarti utang getih.
Aja mikir nèk bakal dirèmèhké wong liya merga saiki njenengan wis ora nyetir manèh. Yéhuwah sayang karo njenengan merga njenengan sadhar diri, rendah hati, lan mikirké keselamatané wong liya. Dhèwèké janji bakal terus menghibur lan nulungi njenengan. (Yés. 46:4) Dhèwèké ya janji bakal terus ndhukung njenengan. Makané, njaluka Yéhuwah mbantu bèn njenengan isa ngetrapké pathokan ing Alkitab lan isa nggawé keputusan sing bener soal nyetir.
a Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Kecelakaan Mobil—Amankah Anda?” ing Sedarlah! 22 Agustus 2002.