ARTIKEL PELAJARAN 45
LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah
Tetep Bahagia Wektu Ngrawat Lansia utawa Wong Lara
” Wong sing nyebar benih karo nangis bakal manèn karo sorak-sorak merga seneng.”—MZM. 126:5.
INTI
Saran-saran bèn isa tetep bahagia wektu ngrawat kanca utawa keluarga sing lansia utawa lara.
1-2. Piyé perasaané Yéhuwah karo wong sing ngrawat lansia utawa wong lara? (Wulang Bebasan 19:17) (Deloken gambar.)
JIN-YEOL, sedulur lanang saka Korea, crita, ”Aku wis nikah selama luwih saka 32 taun. Tapi, limang taun terakhir iki aku ngrawat bojoku. Dhèwèké lara Parkinson lan kesulitan kanggo obah. Aku sayang banget karo bojoku lan aku seneng isa ngrawat dhèwèké. Saben bengi, dhèwèké turu ing kasur sing dirancang khusus kanggo dhèwèké. Aku turu ing sampingé karo nyekeli tangané.”
2 Apa njenengan saiki ya lagi ngrawat wong tuwa, bojo, anak, utawa kanca? Merga sayang, njenengan mesthi seneng isa melakukan kuwi. Kuwi ya bukti nèk njenengan sayang karo Yéhuwah. (1 Tim. 5:4, 8; Yak. 1:27) Tapi, ngrawat lansia utawa wong lara kuwi ora selalu gampang. Kadhang, ana akèh kesulitan sing wong liya ora ngerti. Mungkin saka njaba njenengan kétoké ngguya-ngguyu, tapi pas lagi dhèwèkan njenengan mbrebes mili. (Mzm. 6:6) Meskipun ora ana sing ngerti perjuangané njenengan, yakina nèk Yéhuwah ngerti. (Bandhingna Pangentasan 3:7.) Dhèwèké nganggep berharga kabèh kerja keras, pengorbanan, lan air matané njenengan wektu ngrawat wong sing disayangi. (Mzm. 56:8; 126:5) Yéhuwah bahkan nganggep kuwi kaya utang sing kudu Dhèwèké bayar.—Wacanen Wulang Bebasan 19:17.
Apa njenengan saiki lagi ngrawat wong sing njenengan sayangi? (Deloken paragraf 2)
3. Wektu ngrawat Térah, kesulitan apa sing mungkin diadhepi Abraham lan Sara?
3 Ing Alkitab ya ana contoné wong-wong sing ngrawat keluargané sing lansia utawa lara. Contoné, Abraham lan Sara. Meréka ngrawat Térah, bapaké meréka, sing umuré kira-kira 200 taun. Bayangna, wektu kuwi Térah mèlu Abraham ninggalké Ur lan melakukan perjalanan menuju Haran sing adohé kira-kira 960 kilomèter. (PD. 11:31, 32) Abraham lan Sara sayang karo Térah. Tapi, kanggo ngrawat Térah karo melakukan perjalanan sing adoh banget kuwi mesthi ora gampang. Apamanèh lungané numpak unta utawa keledai. Dadi, meréka mesthi kudu mastèkké bèn Térah tetep nyaman selama perjalanan sing adoh kuwi. Makané, wajar nèk kadhang Abraham karo Sara kesel banget. Tapi, Yéhuwah mesthi nguwatké meréka. Kaya Yéhuwah wis nguwatké Abraham lan Sara, Yéhuwah mesthi ya bakal nguwatké njenengan.—Mzm. 55:22.
4. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
4 Njenengan isa luwih menikmati tugas kanggo ngrawat nèk selalu bahagia. (WB. 15:13) Wong sing bahagia bakal terus ngrasa seneng ora soal apa sing diadhepi. (Yak. 1:2, 3) Nah, piyé bèn isa terus bahagia? Salah siji carané, terusa ndonga karo Yéhuwah lan njaluk dibantu bèn isa mikir sing positif. Ing artikel iki bakal dibahas hal-hal liyané sing isa dilakukan wong sing ngrawat bèn selalu bahagia, lan piyé wong liya isa mbantu meréka. Tapi, ayo mbahas sik hal-hal sing isa marakké wong-wong sing ngrawat kuwi ora bahagia.
SING ISA MARAKKÉ WONG SING NGRAWAT ORA BAHAGIA
5. Apa akibaté nèk sing ngrawat lansia utawa wong lara ngrasa ora bahagia?
5 Nèk ora bahagia, wong sing ngrawat isa dadi gampang kesel. (WB. 24:10) Nèk wis kesel, mengko dadi gampang kasar lan ora semangat mbantu. Nah, apa waé sing mungkin marakké wong-wong sing ngrawat kuwi dadi ora bahagia?
6. Apa sing marakké wong-wong sing ngrawat dadi ngrasa kesel banget?
6 Ngrasa kekeselen banget. Sedulur Leah ngomong, ”Bahkan wektu sedina kuwi kabèh berjalan lancar, pas bengi aku tetep ngrasa kesel banget lan ora nduwé tenaga. Malah, kanggo mbales chat waé kadhang aku wis ora sanggup.” Ana manèh sing dadi kurang turu lan ora cukup istirahat. Sedulur Inés ngomong, ”Turuku kurang banget. Wektu bengi, saben rong jam aku kudu tangi kanggo ngurusi ibu maratuwaku. Aku karo bojoku ya wis bertaun-taun ora liburan.” Terus, ya ana sing nganti ora isa kumpul-kumpul lan dadi nolak tugas tambahan saka organisasi merga kudu ngrawat keluargané sing ora isa ditinggal. Akibaté, meréka dadi kerep ngrasa kesepian lan ora isa ngapa-ngapa.
7. Apa waé sing marakké wong-wong sing ngrawat dadi ngrasa bersalah utawa sedhih?
7 Ngrasa bersalah utawa sedhih. Sedulur Jessica ngomong, ”Aku ngerti nèk sing isa tak lakukan kuwi terbatas, tapi aku ngrasa kuduné isa luwih saka kuwi. Aku bahkan ngrasa bersalah wektu aku istirahat sedhéla utawa rada santai sithik.” Terus, ya ana sing ngrasa bersalah merga kadhang mikir wis ora sanggup ngrawat manèh. Bahkan, ana sing ngrasa nèk sing dilakukan isih kurang. Ana manèh sing merga kesel, akhiré omongan utawa sikapé kasar karo sing dirawat lan dadi ngrasa bersalah. (Yak. 3:2) Terus, mungkin meréka ya sedhih merga ndelok wong sing disayangi keséhatané semakin menurun. Sedulur Barbara ngomong, ”Aku ora téga ndelok kancaku saya suwé saya lemah.”
8. Critakna pengalaman sing nduduhké manfaaté menghargai upayané wong-wong sing ngrawat.
8 Ngrasa ora dihargai. Meréka isa ngrasa kaya ngono mungkin merga jarang ana sing muji utawa ngomong maturnuwun kanggo kerja keras lan pengorbanané. Padahal kata-kata kaya ngono kuwi isa marakké semangat. (1 Tés. 5:18) Sedulur Melissa ngomong, ”Kadhang merga saking keselé aku nganti nangis. Tapi wektu sing tak rawat ngomong, ’Maturnuwun ya wis gelem ngopèni aku’, aku dadi seneng. Rasané kaya éntuk tambahan tenaga lan dadi tambah semangat ngopèni meréka.” Sedulur Ahmadu karo bojoné ngopèni ponakané wédok sing isih cilik sing nduwé penyakit èpilèpsi. Dhèwèké crita, ”Meskipun ponakanku kuwi durung pati mudheng sepira gedhéné pengorbanan kami kanggo ngrawat dhèwèké, wektu dhèwèké ngomong maturnuwun utawa berupaya nulis kata-kata ’Aku sayang kalian’, kami dadi terharu lan ngrasa seneng banget.”
PIYÉ BÈN ISA TERUS BAHAGIA?
9. Nèk ngerti keterbatasan, wong sing ngrawat bakal piyé?
9 Kudu ngerti keterbatasan. (WB. 11:2, cathetan ngisor) Kudu éling nèk wektu lan tenagané awaké dhéwé kuwi terbatas. Dadi, kudu nentokké batesan apa sing sanggup lan ora sanggup dilakukan. Terus, nèk nganti kudu ngomong ora isa, aja dadi ngrasa bersalah. Kuwi malah bukti nèk sadhar diri. Nèk ana sing mèh mbantu, ya tampanen waé. Sedulur Jay ngomong, ”Lakukan waé sing isa mbok lakukan sesuai tenaga lan wektumu. Nèk terlalu ngoyo padahal mungkin sakjané wis ora sanggup, mengko malah dadi ora bahagia.”
10. Ngapa kok wong-wong sing ngrawat kudu nduwé pemahaman? (Wulang Bebasan 19:11)
10 Kudu nduwé pemahaman. (Wacanen Wulang Bebasan 19:11.) Wong sing nduwé pemahaman bakal tetep tenang lan ora gampang kepancing nesu. Dhèwèké ya isa memahami alesané wong nganti berbuat sesuatu. Penyakit-penyakit tertentu isa marakké wong kelakuané dadi ora kaya biasané. (Pkh. 7:7) Misalé, sing mauné omongan lan tindakané alus isa waé dadi ngèyèlan lan seneng ngejak padu. Utawa, dadi seneng protès lan sithik-sithik nesu. Nah, nèk sing dirawat kuwi lara parah, apik nèk njenengan ya mempelajari luwih akèh soal penyakité. Semakin ngerti soal penyakité, wektu omongan utawa kelakuané sing dirawat dadi ora kaya biasané, njenengan isa langsung menyadari nèk kuwi dudu merga wongé kaya ngono tapi merga penyakité.—WB. 14:29.
11. Wong-wong sing ngrawat kudu nyisihké wektu kanggo hal penting apa saben dina? (Mazmur 132:4, 5)
11 Nguwatké hubungan karo Yéhuwah. Kadhang, ana hal-hal sing kudu dikorbanké bèn nduwé wektu kanggo hal-hal ”sing luwih penting”. (Flp. 1:10) Nah, salah siji hal sing penting kuwi nguwatké hubungan karo Yéhuwah. Meskipun Daud kuwi raja sing sibuk, tapi sing paling diutamakké kuwi ibadah karo Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 132:4, 5.) Padha kaya ngono, meskipun sibuk banget, saben dina kudu nyisihké wektu kanggo maca Alkitab lan ndonga. Sedulur Elisha ngomong, ”Aku isa ngrasa tenang lan selalu bahagia merga ndonga lan ngrenungké ayat-ayat ing Mazmur. Sing paling akèh manfaaté kanggo aku kuwi ndonga. Makané, sepanjang hari aku berkali-kali ndonga bèn isa tetep tenang.”
12. Apa manfaaté nèk wong-wong sing ngrawat ya njaga keséhatané dhéwé?
12 Njaga keséhatan diri sendiri. Merga sibuk, wong sing ngrawat isa waé ora nduwé wektu kanggo tuku utawa nyiapké panganan sing bergizi. Padahal, panganan sing bergizi lan cukup olahraga teratur kuwi manfaaté gedhé banget kanggo keséhatan fisik lan méntal. Makané, meskipun wektuné terbatas, tetep upayakna kuwi. (Éf. 5:15, 16) Sakliyané kuwi, aja nganti kurang turu. (Pkh. 4:6) Menurut penelitian, wektu turu, otak bakal memperbaiki diri. Ana artikel keséhatan sing ya nyebutké nèk wong cukup turu, dhèwèké ora bakal gampang strès lan meskipun situasiné angèl, dhèwèké isa tetep tenang. Njenengan ya isa nggolèk wektu kanggo rékréasi. (Pkh. 8:15) Ana sedulur wédok sing crita apa sing marakké dhèwèké isa tetep bahagia. Dhèwèké ngomong, ”Pas cuacané apik, aku metu lan jalan-jalan menikmati sinar matahari. Terus, paling ora sesasi pisan aku nggawé rencana dolan bareng karo kancaku.”
13. Apa manfaaté nèk seneng guyon? (Wulang Bebasan 17:22)
13 Seneng guyon. (Wacanen Wulang Bebasan 17:22; Pkh. 3:1, 4) Nèk seneng guyon, biasané dadi ora gampang strès lan awaké isa dadi luwih séhat. Wektu ngrawat, kerep-kerepé ana hal-hal sing terjadi ora kaya sing dikarepké. Tapi nèk nduwé seléra humor, hal-hal kaya ngono bakal digawé santai lan ora dadi nesu. Terus, nèk ngguyu bareng karo wong sing dirawat, hubungané isa dadi luwih akrab.
14. Apa manfaaté nèk crita karo kanca sing isa dipercaya?
14 Crita karo kanca sing isa dipercaya. Meskipun wis berupaya tersenyum lan bahagia terus, kadhang isa waé tetep ngrasa kewalahan. Nah pas kaya ngono, njenengan butuh crita karo kanca sing ora bakal mikir èlèk soal njenengan. (WB. 17:17) Dhèwèké bakal ngrungokké lan menghibur bèn njenengan isa bahagia manèh.—WB. 12:25.
15. Ngapa kok ngomongké soal Firdaus isa marakké bahagia?
15 Bayangna urip ing Firdaus bareng karo wong sing dirawat. Élinga nèk tugas ngrawat lansia utawa wong lara kuwi mung sementara. Kuwi dudu karepé Yéhuwah kanggo manungsa. (2 Kor. 4:16-18) Sedhéla manèh, kabèh bakal ngrasakké ”urip sing saktenané” sing dikarepké Yéhuwah. (1 Tim. 6:19) Nèk saiki njenengan karo wong sing dirawat seneng ngomongké rencana sing arep dilakukan ing Firdaus, kuwi isa marakké bahagia. (Yés. 33:24; 65:21) Sedulur Heather ngomong, ”Kami kerep ngomong nèk sukmbèn isa njait bareng, mlayu bareng, lan sepédaan bareng. Mengko ya isa nggawé roti lan masak kanggo wong-wong sing diuripké manèh. Kami bener-bener bersyukur karo Yéhuwah merga harapan kuwi.”
PIYÉ WONG LIYA ISA MBANTU?
16. Bantuan apa sing isa ditawakké para sedulur ing jemaat kanggo para sedulur sing ngrawat lansia utawa wong lara? (Deloken gambar.)
16 Mbantu bèn sing ngrawat nduwé wektu kanggo istirahat. Para sedulur ing jemaat isa nawakké bantuan kanggo gentènan njaga. Tujuané, bèn sing ngrawat isa istirahat utawa ngurus urusané. (Gal. 6:2) Ana beberapa sedulur sing ngatur jadwalé bèn saben minggu isa nggentèni njaga. Sedulur Natalya sing ngrawat bojoné sing lumpuh crita, ”Ana sedulur lanang saka jemaat sing teka seminggu ping pisan utawa ping pindho kanggo ngancani bojoku. Meréka nginjil bareng, ngobrol, lan bahkan nonton film bareng. Bojoku seneng banget lan kuwi isa dadi kesempatan kanggo aku istirahat lan melakukan hal-hal sing tak senengi, misalé mlaku-mlaku.” Bahkan, ana sedulur sing isa nawakké nginep kanggo nggantèni njaga, bèn bengi kuwi sing ngrawat isa turu angler.
Njenengan isa ngekèki bantuan apa kanggo wong sing ngrawat lansia utawa wong lara ing jemaaté njenengan? (Deloken paragraf 16)a
17. Selama acara pertemuan ibadah, bantuan apa waé sing isa ditawakké kanggo sedulur sing ngrawat?
17 Mbantu selama acara pertemuan ibadah. Merga fokus ngurusi wong sing dirawat, biasané sing ngrawat ora éntuk akèh manfaat saka acara pertemuan ibadah, pertemuan wilayah, lan pertemuan gabungan wilayah. Makané, para sedulur ing jemaat isa nawakké bantuan. Misalé, lungguh jèjèr wong sing dirawat kuwi selama acara pertemuan ibadah utawa ing sebagian acarané. Nèk sing dirawat kuwi ora isa lunga saka omah, njenengan isa nawakké kanggo ngancani ngibadah bareng ing omahé bèn sing ngrawat isa teka ing Balai Ibadah.
18. Apa manèh sing isa dilakukan kanggo para sedulur sing ngrawat?
18 Muji lan ndongakké meréka. Para pinituwa kudu ngatur wektu bèn isa rutin kunjungan penggembalaan lan nguwatké para sedulur sing ngrawat. (WB. 27:23) Tapi, kabèh sedulur ing jemaat ya kudu kerep nduduhké nèk perduli lan menghargai upayané para sedulur sing ngrawat kuwi. Terus, ya isa ndongakké bèn Yéhuwah terus nguwatké meréka lan mbantu meréka tetep bahagia.—2 Kor. 1:11.
19. Apa sing awaké dhéwé entèn-entèni?
19 Sedhéla manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing marakké sedhih lan susah. Ora ana manèh sing lara lan mati. (Why. 21:3, 4) ”Wong lumpuh bakal mlumpat kaya kidang.” (Yés. 35:5, 6) Hal-hal sing marakké sedhih merga usia tua lan susahé ngrawat wong sing disayangi, sukmbèn ”ora bakal diéling-éling manèh”. (Yés. 65:17) Bahkan saiki, karo ngentèni janji kuwi kelakon, Yéhuwah bakal terus ngancani awaké dhéwé. Nèk terus ngendelké Yéhuwah bèn éntuk kekuwatan, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa ”terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé”.—Kol. 1:11.
LAGU 155 Bahagia S’lawasé
a PENJELASAN GAMBAR: Loro cah wédok ngancani sedulur wédok lansia ing omahé bèn sing ngrawat isa nduwé wektu kanggo mlaku-mlaku.