ARTIKEL PELAJARAN 49
LAGU 44 Donga Wektu Aku Susah
Manfaaté Buku Ayub Wektu Arep Ngekèki Naséhat
”Ayub, tulung saiki rungokna omonganku.”—AYB. 33:1.
INTI
Saka buku Ayub dadi ngerti piyé cara sing bener wektu ngekèki naséhat.
1-2. Ngapa kok ora gampang kanggo kanca-kancané Ayub menghibur Ayub? Jelasna.
BERITA soal musibah sing dialami Ayub langsung cepet banget kesebar ing dhaérah Wétan. Kabèh wong krungu, termasuk telu kancané Ayub sing jenengé Èlifaz, Bildad, lan Zofar. Meréka langsung lunga ing Uz arep menghibur Ayub. Tapi pas ndelok Ayub, meréka kagèt banget karo sing dialami Ayub.
2 Bayangna situasiné wektu kuwi. Kabèh duwèké Ayub sing berharga wis entèk ludhes. Sapi, domba, unta, lan keledainé kabèh dipatèni lan dirampok. Para pembantuné dipatèni lan anak-anaké Ayub mati kambrukan omah. Ora mung kuwi, Ayub ya lara parah. Awaké kebak bisul lan dhèwèké kelaran banget. Pas Èlifaz, Bildad, lan Zofar tekan kono, meréka ndelok Ayub lagi lungguh ing awu lan wajahé kétok sedhih banget. Mémang selama pitung dina, meréka lungguh ngancani Ayub. Tapi, meréka blas ora ngomong apa-apa meskipun ngerti nèk Ayub lagi sengsara banget. (Ayb. 2:12, 13) Nganti akhiré, ana cah enom sing jenengé Èlihu marani Ayub lan lungguh ing cedhak kono. Akhiré Ayub mulai ngomong. Dhèwèké berharap mati waé utawa ora usah dilairké. (Ayb. 3:1-3, 11) Jelas nèk Ayub butuh dihibur. Mungkin kanca-kancané Ayub ya ora gampang kanggo menghibur Ayub. Tapi sakjané, kuwi malah kesempatan kanggo mbuktèkké apa meréka bener-bener sahabaté Ayub lan bener-bener perduli karo dhèwèké.
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Yéhuwah ngongkon Musa nulis apa sing diomongké lan dilakukan papat kancané Ayub. Gatèkna nèk beberapa omongané Èlifaz kuwi kétoké dipengaruhi roh jahat. Tapi, nèk sing diomongké Èlihu kuwi saka tuntunané Yéhuwah. (Ayb. 4:12-16; 33:24, 25) Kuwi sebabé, ing buku Ayub ora mung ana naséhat-naséhat sing paling apik, tapi ya sing paling èlèk. Nah, saka kono dadi isa ngerti kudu piyé wektu ngekèki naséhat. Ing artikel iki bakal dibahas apa waé sing aja nganti ditiru saka Èlifaz, Bildad, lan Zofar, lan apa sing isa ditiru saka Èlihu. Terus, ya bakal dibahas apa manfaaté conto-conto kuwi kanggo wong Israèl mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki.
PIYÉ ÈLIFAZ, BILDAD, LAN ZOFAR WEKTU NGEKÈKI NASÉHAT?
4. Apa sing dilakukan telu kancané Ayub sing marakké Ayub ora terhibur tapi malah tambah sedhih? (Deloken gambar.)
4 Ing Alkitab disebutké nèk telu kancané Ayub marani Ayub merga ”péngin nggawé Ayub ora sedhih manèh”. (Ayb. 2:11) Tapi, meréka malah nggawé Ayub tambah sedhih. Mémangé meréka ngapa? Pertama, tanpa ngrungokké Ayub sik, meréka langsung nggawé kesimpulan. Meréka ngomong nèk Ayub dihukum Yéhuwah merga wis melakukan kesalahan.a (Ayb. 4:7; 11:14) Keloro, meskipun kétoké isi naséhaté wicaksana, tapi kuwi ora bener-bener mbantu Ayub. (Ayb. 13:12) Kata-katané kasar lan marakké Ayub lara ati. Misalé, ping loro Bildad ngomong nèk Ayub kakèhan ngomong. (Ayb. 8:2; 18:2) Terus, kadhang omongané meréka nylekit. Misalé, Zofar ngunèkké Ayub ”bodho” utawa ora nduwé pikiran. (Ayb. 11:12) Ketelu, meskipun ngomongé ora karo mbengok-mbengok, tapi saka kata-kata lan carané nyampèkké kuwi ngrendhahké, marakké Ayub ngrasa bersalah lan ngrasa ora disayangi. (Ayb. 15:7-11) Dadi, meréka ora menghibur lan nguwatké Ayub, tapi malah fokus nggolèki salahé Ayub.
Wektu ngekèki naséhat, tujuané kanggo mbantu, dudu ngrendhahké (Deloken paragraf 4)
5. Naséhaté Èlifaz, Bildad, lan Zofar marakké Ayub dadi piyé?
5 Bar Èlifaz, Bildad, lan Zofar rampung ngomong, Ayub malah dadi tambah lara ati. (Ayb. 19:2) Merga disalah-salahké terus, Ayub ya dadi péngin terus njelaské nèk dhèwèké ora salah. Kuwi sing marakké dhèwèké akhiré ora isa mikir sing bener lan omongané dadi ngawur. (Ayb. 6:3, 26) Omongané telu kancané Ayub ya ora sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan meréka ya ora mesakké karo Ayub. Akibaté meréka malah dimanfaatké Sétan kanggo marakké Ayub cilik ati. (Ayb. 2:4, 6) Nah, apa manfaaté kisahé Ayub iki kanggo bangsa Israèl jaman mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki?
6. Saka telu kancané Ayub, apa sing sakjané isa dipelajari para pemimpin ing Israèl?
6 Manfaaté kanggo wong Israèl. Wektu ngekèki bangsa Israèl hukumé, Yéhuwah ya milih para pemimpin kanggo ngadili lan mbantu bangsa kuwi bèn terus manut karo hukumé Yéhuwah. (PT. 1:15-18; 27:1) Para pemimpin kuwi kudu ngrungokké tenanan sakdurungé ngekèki naséhat utawa ngadili. (2 Bb. 19:6) Meréka ya kudu takon-takon sik lan ora rumangsa nèk wis ngerti kabèh faktané. (PT. 19:18) Meréka ya ora éntuk ngomong kasar karo wong-wong sing teka njaluk bantuan. Soalé nèk meréka kasar, ora sabar, utawa nesunan, mengko sing njaluk tulung ya dadi wedi arep ngungkapké perasaané. (Pa. 22:22-24) Nah, kuwi beberapa hal sing sakjané isa dipelajari para pemimpin ing Israèl saka kisahé Ayub.
7. Sakliyané para pemimpin ing Israèl, sapa manèh sing isa ngekèki naséhat, lan apa manfaaté nèk meréka ngrenungké kisahé Ayub? (Wulang Bebasan 27:9)
7 Nah, sing isa ngekèki naséhat kuwi ora mung para pemimpin, tapi ya kabèh wong Israèl, ora soal tuwa utawa enom, lanang utawa wédok. Malah, nèk gelem ngandhani kancané sing mulai melakukan kesalahan utawa sing mulai ngedoh saka Yéhuwah, kuwi bukti nèk dhèwèké sahabat sing sejati. (Wacanen Wulang Bebasan 27:9; Mzm. 141:5.) Nah, nèk misalé wong Israèl ngrenungké omongané Èlifaz, Bildad, lan Zofar karo Ayub, meréka mungkin bakal dadi ngerti apa sing aja nganti diomongké utawa dilakukan wektu ngekèki naséhat.
8. Wektu ngekèki naséhat, apa sing aja nganti dilakukan? (Deloken gambar.)
8 Manfaaté kanggo awaké dhéwé. Wektu ngerti ana sedulur sing menderita utawa susah, mesthi pénginé menghibur. Nah, bèn aja nganti kaya telu kancané Ayub mau, kudu piyé? Pertama, aja langsung nyimpulké. Tapi sakdurungé ngekèki naséhat, kudu ngerti kabèh faktané sik. Keloro, naséhaté kudu berdasarkan Alkitab. Aja kaya Èlifaz sing ngekèki naséhat mung berdasarkan pengalamané dhéwé. (Ayb. 4:8; 5:3, 27) Ketelu, aja nganti ngomong kasar utawa sing marakké lara ati. Mémang omongané Èlifaz lan kanca-kancané kuwi ana sing bener, bahkan Rasul Paulus ya tau nyuplik omongané Èlifaz. (Bandhingna Ayub 5:13 karo 1 Korintus 3:19.) Tapi, akèh-akèhé omongané Èlifaz, Bildad, lan Zofar soal Gusti Allah kuwi ora bener lan omongané ya marakké Ayub lara ati. Dadi, Yéhuwah nganggep omongané meréka kuwi salah. (Ayb. 42:7, 8) Naséhat sing apik kuwi isiné ora bakal ngèlèk-èlèk Yéhuwah utawa marakké wong mikir nèk ora bakal disayangi Yéhuwah. Saiki, ayo mbahas apa sing isa ditiru saka contoné Èlihu.
Wektu ngekèki naséhat (1) kudu bener-bener ngerti sik situasiné wong kuwi, (2) naséhaté dhasaré kudu saka Alkitab, lan (3) carané sing pengasih lan apikan (Deloken paragraf 8)
PIYÉ ÈLIHU WEKTU NGEKÈKI NASÉHAT?
9. Jelasna ngapa kok Ayub kudu luwih dihibur bar debat karo telu kancané, lan piyé Yéhuwah mbantu dhèwèké?
9 Bayangna situasiné. Bar Ayub debat karo telu kancané, suasanané mesthi dadi tegang banget. Saking akèhé, nganti wektu ditulis, omongané meréka dadi 28 bab ing Alkitab. Terus, akèh-akèhé kuwi diomongké karo nesu-nesu. Jelas kuwi marakké Ayub dadi tambah cilik ati. Ayub butuh dihibur, tapi ya tetep kudu dikandhani. Nah, piyé Yéhuwah mbantu Ayub? Dhèwèké nggunakké Èlihu kanggo ngekèki naséhat. Ngapa kok Èlihu lagi ngomong bar meréka rampung debat? Èlihu ngomong, ”Aku isih enom, lan njenengan kabèh wis tuwa. Merga ngajèni njenengan, aku ora ngomong dhisik.” (Ayb. 32:6, 7) Èlihu ngerti nèk wong sing wis tuwa biasané luwih wicaksana, soalé luwih akèh pengalamané timbang cah enom. Tapi, sakwisé ngrungokké omong-omongané Ayub lan telu kancané, Èlihu ngrasa kudu ngomong. Èlihu ngomong, ”Wong sing tuwa durung mesthi wicaksana, lan wong sing tuwa durung mesthi ngerti apa sing bener.” (Ayb. 32:9) Bar kuwi Èlihu ngomong apa, lan piyé cara nyampèkkéné?
10. Apa waé sing dilakukan Èlihu sakdurungé ngekèki Ayub naséhat? (Ayub 33:6, 7)
10 Sakdurungé ngekèki naséhat, Èlihu nggawé suasanané pénak sik. Carané piyé? Awalé, sakjané Èlihu ya mèlu émosi. Tapi, dhèwèké berupaya tenang sik sakdurungé ngomong. (Ayb. 32:2-5) Makané, ora ana omongané Èlihu sing marakké Ayub lara ati. Omongané Èlihu marakké Ayub ngrasa tenang lan ora kaya disenèni. Misalé, Èlihu ngomong karo Ayub, ”Kanggoné Gusti Allah sing bener, aku ya padha kaya njenengan.” (Wacanen Ayub 33:6, 7.) Èlihu ya mbuktèkké nèk dhèwèké ngrungokké tenanan omongané Ayub wektu debat mau, nganti isa nyebutké beberapa hal penting sing wis diomongké Ayub. (Ayb. 32:11; 33:8-11) Terus, pas ngekèki Ayub naséhat, Èlihu ya mbuktèkké manèh nèk dhèwèké ngrungokké tenanan omongané Ayub.—Ayb. 34:5, 6, 9; 35:1-4.
11. Piyé Èlihu wektu ngekèki naséhat Ayub? (Ayub 33:1)
11 Wektu ngekèki naséhat Ayub, Èlihu ora ngrendahké, tapi tetep ngajèni Ayub. Misalé, dhèwèké nyebut jenengé Ayub. Kuwi sesuatu sing kétoké ora dilakukan telu kanca liyané. (Wacanen Ayub 33:1.) Èlihu ya ngekèki Ayub kesempatan kanggo nanggepi wektu dinaséhati, mungkin merga éling nèk wektu ngrungokké Ayub lan kanca-kancané debat, sakjané Èlihu ya péngin nanggepi. (Ayb. 32:4; 33:32) Èlihu ya kendel ngélikké Ayub nèk beberapa omongan lan pikirané kuwi ora bener. Terus ngélingké soal kawicaksanan, kuwasa, keadilan, lan katresnané Yéhuwah sing langgeng. (Ayb. 36:18, 21-26; 37:23, 24) Naséhaté Èlihu sing apik marakké atiné Ayub dadi siap ngrungokké naséhat saka Yéhuwah. (Ayb. 38:1-3) Nah, apa manfaaté contoné Èlihu kanggo wong Israèl jaman mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki?
12. Apa perané para nabi kanggo umaté Yéhuwah, lan apa manfaaté nèk wong Israèl mempelajari contoné Èlihu?
12 Manfaaté kanggo wong Israèl. Ing jamané bangsa Israèl, Yéhuwah nggunakké para nabiné kanggo ngandhani wong Israèl soal sing dadi karepé. Misalé pas jamané para hakim, Yéhuwah ngekèki arahan liwat nabi wédok Débora. Yéhuwah ya ngongkon Samuèl meskipun wektu kuwi isih enom kanggo ngekèki petunjuk bangsa Israèl. (PH. 4:4-7; 5:7; 1 Sam. 3:19, 20) Terus pas jamané para raja, Yéhuwah ya terus nggunakké para nabiné kanggo nyemangati bèn umaté terus setya lan ngélikké nèk ana sing mulai nyimpang. (2 Sam. 12:1-4; Kis. 3:24) Nah, nèk mempelajari contoné Èlihu ing buku Ayub, kabèh wong Israèl dadi isa ngerti apa sing kudu disampèkké lan piyé carané nyampèkké wektu kudu ngekèki naséhat.
13. Piyé awaké dhéwé saiki isa nguwatké lan nyemangati para sedulur?
13 Manfaaté kanggo awaké dhéwé. Sebagai wong Kristen, awaké dhéwé saiki ya ngandhani wong soal sing dikarepké Yéhuwah. Carané, nyritakké isiné Alkitab. Cara liyané kuwi nggunakké omongan kanggo nguwatké lan nyemangati sedulur seiman. (1 Kor. 14:3) Para pinituwa khususé kudu éling nèk kudu ”menghibur” para sedulur, termasuk sing ngomong tanpa dipikir merga saking kuwatir utawa strèsé.—1 Tés. 5:14; Ayb. 6:3.
14-15. Piyé contoné para pinituwa isa niru Èlihu?
14 Misalé ngéné, bar ngerti nèk ana sedulur wédok ing jemaaté lagi cilik ati, ana pinituwa lan siji sedulur lanang liyané ngunjungi dhèwèké kanggo nguwatké. Pas dikunjungi, sedulur wédok kuwi nyritakké kabèh uneg-unegé. Dhèwèké ngomong nèk meskipun isih nginjil lan teka ngibadah, dhèwèké ora ngrasa bahagia. Nah, kuduné piyé tanggepané pinituwa kuwi?
15 Pertama, bèn isa paham tenan ngapa kok sedulur wédok kuwi nganti nduwé perasaan kaya ngono, pinituwa kuwi isa takon lan ngrungokké tenanan sik. Apa kuwi merga dhèwèké ora yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké? Utawa apa mungkin dhèwèké terlalu nguwatirké kebutuhané? (Luk. 21:34) Keloro, pinituwa kuwi ya bakal berupaya nggolèki hal-hal sing isa dipuji saka sedulur wédok mau. Misalé, muji upayané kanggo terus teka ngibadah lan nginjil. Ketelu, nèk wis paham tenan situasiné lan penyebabé dhèwèké ngrasa ngono, pinituwa kuwi bakal nggunakké Alkitab kanggo ngélingké nèk dhèwèké disayangi Yéhuwah.—Gal. 2:20.
TERUS ÉNTUK MANFAAT SAKA BUKU AYUB
16. Piyé bèn isa terus éntuk manfaat saka buku Ayub?
16 Ana akèh banget manfaaté nèk mempelajari buku Ayub. Kaya sing wis dibahas ing Artikel Pelajaran 48, saka buku Ayub awaké dhéwé dadi ngerti ngapa kok Gusti Allah kétoké meneng waé wektu manungsa susah lan piyé bèn isa terus setya nglayani meskipun lagi susah. Terus kaya sing wis dibahas mau, awaké dhéwé isa belajar ngekèki naséhat nèk niru contoné Èlihu, dudu Èlifaz, Bildad, lan Zofar. Dadi mengko nèk arep ngekèki naséhat, coba pelajari manèh kisah ing buku Ayub. Terus nèk wis suwé ora maca buku Ayub, coba jadwalna kanggo maca buku kuwi manèh. Mengko njenengan bakal menyadari nèk ana akèh banget pelajaran berharga sing isa bermanfaat nganti saiki.
LAGU 125 ’Wong sing Nduwé Rasa Mesakké Kuwi Bahagia’
a Èlifaz ngomong nèk ora ana manungsa sing dianggep bener menurut Yéhuwah lan ora ana manungsa sing isa nggawé Yéhuwah seneng. Èlifaz isa nduwé pandhangan kaya ngono kétoké merga dipengaruhi roh jahat. Saking yakiné karo kuwi, nganti ping telu pas omongan karo Ayub, pandhangan kuwi sing dibolan-balèni terus.—Ayb. 4:17; 15:15, 16; 22:2.