ARTIKEL PELAJARAN 51
LAGU 132 Aku Kowé Dadi Siji
Acara Pernikahan sing Ngluhurké Yéhuwah
”Kabèh sing ditindakké kudu sopan lan tertib.”—1 KOR. 14:40, lan cathetan ngisor.
INTI
Kudu piyé bèn pasangan sing arep nikah isa ngluhurké Yéhuwah pas acara pernikahané.
1-2. Sing dipénginké Yéhuwah soal acara pernikahan kuwi apa?
NÈK njenengan saiki wis tunangan lan lagi sibuk-sibuké nyiapké acara pernikahan,a mesthi rasané bahagia banget, ta? Yéhuwah péngin njenengan lan pasangané njenengan ora mung bahagia pas dina pernikahan kuwi, tapi ya nganti sakterusé.—WB. 5:18; Kid. 3:11.
2 Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya péngin nèk sing kuduné diluhurké pas acara pernikahan kuwi Yéhuwah. Lha ngapa? Terus, piyé carané melakukan kuwi? Mémang, artikel iki khususé kanggo pasangan sing lagi nyiapké acara pernikahané. Tapi pathokané isa bermanfaat kanggo kabèh, termasuk sing arep teka ing acara pernikahan utawa sing dijaluki saran soal acara pernikahan.
NGAPA KOK YÉHUWAH SING KUDUNÉ DILUHURKÉ?
3. Wektu nyiapké acara pernikahan, apa sing kudu dipikirké calon mantèn lan ngapa?
3 Wektu nyiapké lan nggawé keputusan soal hal-hal sing ana hubungané karo acara pernikahan, calon mantèn kudu nggawé keputusan sing sesuai karo pathokané Yéhuwah ing Alkitab. Soalé, Yéhuwah sing nggawé pengaturan soal perkawinan. Dhèwèké sing nikahké Adam karo Hawa. (PD. 1:28; 2:24) Makané bèn isa ngluhurké Yéhuwah, calon mantèn kudu mastèkké acara pernikahané sesuai karo karepé Yéhuwah.
4. Apa manèh alesané ngapa kok Yéhuwah sing kuduné diluhurké pas acara pernikahan?
4 Alesan liyané ngapa kok Yéhuwah sing kuduné diluhurké merga Yéhuwah kuwi Bapak lan Sahabat sing terbaik. (Ibr. 12:9) Dadi, mesthi ora péngin ta hubungané karo Yéhuwah dadi rusak? Terus mesthi ya babar blas ora péngin nglarani atiné, termasuk pas ing acara pernikahan kuwi. (Mzm. 25:14) Sakliyané kuwi, nèk ngrenungké kabèh sing wis dilakukan Yéhuwah lan sing bakal Dhèwèké lakukan kanggo njenengan, jelas nèk sing pantes diluhurké pas acara pernikahan kuwi Yéhuwah.—Mzm. 116:12.
BÈN ISA NGLUHURKÉ YÉHUWAH, KUDU PIYÉ?
5. Piyé Alkitab isa berguna wektu ngrencanakké acara pernikahan?
5 Ing Alkitab ora ana aturan spésifik soal ceramah perkawinan utawa resèpsi. Calon mantèn isa nentokké dhéwé acarané mèh kaya apa sesuai situasi, kebudayaan, utawa sing dipénginké. Meréka ya kudu manut hukumé pamréntah soal perkawinan. (Mat. 22:21) Tapi ora soal apa pilihané, nèk wektu ngrencanakké pernikahan nggawéné keputusan kuwi berdasarkan pathokan ing Alkitab, meréka isa ngluhurké lan nggawé Yéhuwah seneng. Nah, apa waé pathokané?
6. Menurut Roma 13:1, 2, ngapa kok calon mantèn kudu manut hukumé pamréntah soal perkawinan?
6 Manut hukumé pamréntah. (Rm. 13:1, 2) Ing akèh-akèhé negara, pamréntah ngekèki hukum soal perkawinan sing kudu ditaati. Makané, calon mantèn kudu nggolèki informasi sik soal hukum sing berlaku ing dhaérahé. Nèk ora ngerti nggolèk informasiné ing endi, isa takon karo para pinituwa.b
7. Acara pernikahan kuwi kuduné piyé?
7 Acarané kudu bermartabat. (1 Kor. 10:31, 32) Ing acara kuwi, sing kuduné menonjol kuwi sifat-sifaté Yéhuwah, dudu sifat-sifaté wong-wong ing donya iki. (Gal. 5:19-26) Merga mantèn lanang mengkoné bakal dadi kepala keluarga, dhèwèké sing bertanggung jawab mastèkké acarané nyenengké lan bermartabat. Bèn isa kaya ngono, apiké ana ceramah perkawinan. Ceramahé disampèkké nganggo cara sing lembut, pengasih, lan ngajèni, bèn hadirin isa dadi luwih menghargai nèk pernikahan kuwi anugrah sing luar biasa saka Yéhuwah. Hadirin ya dadi isa ngerti nèk kuwi acara sing serius. Makané, akèh-akèhé calon mantèn milih ngadakké ceramah perkawinané ing Balai Ibadah. Nah nèk njenengan péngin kaya ngono, kudu ndang nulis surat ing badan pinituwa kanggo njaluk ijin soal penggunaan Balai.
8. Nèk arep ngadakké resèpsi, apa waé sing kudu dipastèkké bèn acarané isa tetep bermartabat? (Roma 13:13)
8 Wacanen Roma 13:13. Nèk milih arep ngadakké resèpsi, piyé bèn acarané isa tetep bermartabat? Aja terpengaruh pikirané donya. Kata Yunani ”pésta bébas” ing ayat kuwi maksudé acara kumpul-kumpul sing wong-wongé padha ngombé minuman keras nganti ora terkendali lan nyetèl musik nganti bengi banget. Dadi nèk ana minuman keras sing arep disuguhké, pastèkna mengko ora ana sing bakal ngombé nganti kakèhan.c Nèk ana musik sing arep disetèl, pastèkna musiké aja kebanteren bèn para tamu isa tetep ngobrol tanpa kudu mbengok-mbengok. Musiké ya dipilihi sik lan dipastèkké liriké bèn aja nganti marakké hati nuraniné wong liya dadi ora pénak.
9. Soal hiburan lan kata-kata ucapan sing bakal disampèkké pas acara resèpsi, apa waé sing kudu dipastèkké calon mantèn?
9 Kadhang, ing resèpsi ana sing bakal nyampèkké ucapan kanggo mantèn, nampilké gambar utawa vidéo, utawa hiburan liyané. Mémang, hal-hal kuwi isa marakké acarané dadi luwih berkesan. Tapi, pastèkna kuwi isa nguwatké. (Flp. 4:8) Pikirna, ’Apa hal kuwi nduduhké nèk ngajèni wong liya? Apa hal kuwi nduduhké nèk nganggep perkawinan kuwi sesuatu sing terhormat? Lan sing luwih penting, apa kuwi bakal ngluhurké Yéhuwah?’ Mémang bèn seru, isa waé ya ana guyonané. Tapi, kudu mastèkké bèn aja nganti guyonané kuwi sing saru-saru, marakké wong dadi risi, utawa mikir sing ora nggenah. (Éf. 5:3) Nèk ana kanca utawa keluarga sing bakal nyampèkké sesuatu pas acara resèpsi, pastèkna meréka ngerti sing dikarepké mantèn soal sing éntuk diucapké lan ora éntuk diucapké.
10. Ngapa kok acara pernikahan kuwi apiké sederhana waé? (1 Yohanes 2:15-17)
10 Acarané sederhana waé. (Wacanen 1 Yohanes 2:15-17.) Yéhuwah menghargai nèk umaté ora seneng menonjolkan diri, tapi pilih ngluhurké Yéhuwah. Dadi nèk péngin nyenengké Yéhuwah, calon mantèn ora bakal ngentèk-entèkké dhuwit kanggo ”pamèr harta”. Nah, apa ta sakjané manfaaté nèk acara nikahané digawé tetep sederhana? Gatèkna pengalamané Mike saka Norwegia. Dhèwèké ngomong, ”Kami dadi ora perlu ngutang lan isa terus merintis. Acara pernikahan kami mémang sederhana, tapi berkesan lan nyenengké.” Sedulur Tabitha saka India ngomong, ”Merga acarané sederhana, dadi ora perlu ana akèh perencanaan lan ora ana akèh sing perlu didebatké. Kami dadi ora terlalu strès.”
Ora soal manggon ing endi, acara pernikahan isa digawé sederhana, tapi berkesan lan nyenengké (Deloken paragraf 10-11)
11. Apa sing kudu dipikirké calon mantèn wektu arep milih soal pakaian lan dandanan pas acara pernikahané? (Deloken gambar.)
11 Apa njenengan ya wis mikirké soal klambi sing arep dienggo ing acara pernikahan mengko? Wajar nèk njenengan péngin sing terbaik. Ing jaman Alkitab waé, mantèn lanang lan wédok ya mikirké tenanan soal penampilané. (Yés. 61:10) Mémang, pakaian sing dienggo wektu dadi mantèn mungkin béda karo sing biasané dienggo saben dina. Tapi ya kudu tetep sopan, sederhana, lan pantes. (1 Tim. 2:9) Aja nganti pakaian, penampilan, lan dandanané njenengan pas acara dadi sing paling menonjol saka acara pernikahan kuwi.—1 Ptr. 3:3, 4.
12. Ngapa kok calon mantèn kudu mastèkké tenanan sik soal kebiasaan sing wis umum dilakukan ing dhaérahé?
12 Aja nganti ana kebiasaan sing ora sesuai karo Alkitab. (Why. 18:4) Akèh acara pernikahan saiki wis terpengaruh ajaran agama palsu, takhayul, mitos, utawa ana hubungané karo ilmu gaib. Yéhuwah jelas-jelas ngomong nèk umaté ora éntuk melakukan hal-hal kuwi. (2 Kor. 6:14-17) Nèk ana tradhisi utawa kebiasaan sing meragukan, golèkana sik asal usulé lan pathokan ing Alkitab soal kuwi sakdurungé mutuské arep melakukan kuwi apa ora.
13. Soal nampa hadiah utawa sumbangan, nèk niru Yéhuwah, calon mantèn bakal piyé?
13 Apa ing dhaérahé njenengan ana kebiasaan kanggo tamu ngekèki hadiah utawa nyumbang? Soal hadiah utawa jumlah sumbangané, mungkin bergantung situasi ékonominé tamu-tamu kuwi. Mémang, umaté Yéhuwah dianjurké kanggo seneng ngekèki lan meréka ya bahagia wektu melakukan kuwi. (WB. 11:25; Kis. 20:35) Tapi, aja nganti marakké para tamu ngrasa nèk meréka kudu ngekèki hadiah lan hadiahé kudu sing larang. Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé péngin meréka ngekèkiné dudu merga kepeksa. Awaké dhéwé ya bakal menghargai ora soal hadiahé apa.—2 Kor. 9:7.
NGATASI TANTANGAN-TANTANGAN
14. Tantangan apa waé sing isa waé diadhepi calon mantèn?
14 Selama nyiapké acara pernikahan, mungkin bakal ana tantangan-tantangan sing bakal diadhepi. Misalé, kanggo nggawé acarané tetep sederhana kuwi isa waé ora gampang. Sedulur Charlie saka Kepulauan Solomon ngomong, ”Kanggo nentokké sapa sing arep diundang pas resèpsi waé angèl. Kami kancané ana akèh, lan ing budaya kami, kabèh wong pénginé diundang.” Sedulur Tabitha sing disebutké mau crita, ”Ing dhaérahku, nèk nggawé resèpsi kuwi biasané gedhèn. Tapi, kami pénginé ngundang mung kira-kira wong 100. Butuh wektu nganti wong tuwa kami akhiré ya setuju karo keputusan kuwi.” Sedulur Sarah saka India ngomong, ”Wong biasané bangga nèk dianggep sugih utawa diajèni. Pas nikah, sepupu-sepupuku acarané gedhèn. Makané, aku dipeksa nggawé acara sing luwih méwah manèh.” Nah, ora soal tantangan apa sing bakal diadhepi, piyé carané ngatasi?
15. Ngapa kok rencana-rencana soal pernikahan kudu kerep didongakké?
15 Kerep-kerepa ndongakké rencana pernikahan kuwi. Kandhanana Yéhuwah soal masalah sing lagi diadhepi utawa perasaan-perasaan sing muncul. (Flp. 4:6, 7) Njaluka bèn Yéhuwah mbantu njenengan isa nggawé keputusan sing bener, tetep tenang wektu kuwatir, lan isa wani tegas nèk misalé keputusané ora padha kaya sing dikarepké wong liya. (1 Ptr. 5:7) Wektu ngrasakké dhéwé piyé Yéhuwah njawab dongané kalian, mengko bakal tambah percaya karo Yéhuwah. Tabitha sing disebutké mau ngomong, ”Sing aku karo tunanganku kuwatirké kuwi nèk kami malah nganti padu utawa paduné karo keluarga. Dadi saben arep mbahas soal rencana pernikahan, kami ndonga sik. Yéhuwah terbukti mbantu lan kami isa tetep rukun selama nyiapké acara pernikahan.”
16-17. Wektu nyiapké acara pernikahan, apa manfaaté nèk kabèh diomongké apik-apik?
16 Kabèh kudu diomongké apik-apik. (WB. 15:22) Mesthi ana akèh banget sing kudu diputuské soal pernikahan kuwi. Misalé nentokké tanggal, sapa sing diundang, anggarané, lan liya-liyané. Makané sakdurungé nggawé keputusan, calon mantèn kudu mbahas sik kabèh pilihan sing ana, mbahas pathokan ing Alkitab sing cocog, lan mikirké naséhat utawa saran saka para sedulur sing rohaniné apik lan isa dadi conto soal kuwi. Wektu nyampèkké kepénginané njenengan, ngomongé sing apik, aja meksa, lan gelem ngrungokké saran. Nèk anggota keluarga dekat, misalé wong tuwa, nduwé permintaan lan kétoké masuk akal, isa diupayakké kanggo dituruti waé. Élinga nèk iki ya acara sing istiméwa kanggo meréka. Tapi nèk permintaané meréka ora isa dituruti, jelasna alesané tapi carané sing apikan. (Kol. 4:6) Pastèkna kabèh anggota keluarga ngerti nèk tujuan utamané acara pernikahan iki kanggo ngluhurké Yéhuwah.
17 Njelaské sing dadi pilihané njenengan mungkin dadi angèl nèk wong tuwané njenengan ora seiman, tapi kuwi isa diupayakké. Sedulur Santhosh saka India crita, ”Keluarga kami pénginé ing acara nikahanku ana ritual-ritual agama Hindu. Aku karo tunanganku butuh wektu suwé kanggo njelaské nèk kami ora gelem. Tapi kami gelem nggawé beberapa penyesuaian liya, asalkan ora nglanggar pathokané Yéhuwah. Misalé, ngubah menu dienggo resèpsi sesuai karo panganan sing meréka pénginké, lan merga meréka ora terbiasa karo lagu-lagu lan tari-tarian, akhiré kami mutuské ora ana kuwi ing acara kami.”
18. Apa sing isa dilakukan bèn pas dina pernikahané kabèh isa lancar? (1 Korintus 14:40) (Deloken gambar.)
18 Kabèh dipastèkké tenanan sik. Nèk dipastèkké tenanan, mengko pas dina pernikahané ora bakal terlalu strès. (Wacanen 1 Korintus 14:40.) Sedulur Wayne, saka Taiwan, ngomong, ”Beberapa hari sakdurungé dina pernikahan, kami nggawé pertemuan karo kabèh sing terlibat ing acara kuwi. Kami mbahas kabèh rencana sing wis digawé lan bahkan latihan ing beberapa bagian acara kanggo mastèkké kabèh isa lancar.” Sakliyané kuwi, upayakna bèn kabèh isa tepat waktu. Kuwi bukti nèk njenengan menghargai para tamu.
Nèk direncanakké tenanan, acarané isa luwih lancar (Deloken paragraf 18)
19. Bèn acara pernikahané njenengan isa sesuai karo sing wis direncanakké, apa sing isa dilakukan?
19 Biasané, akèh masalah isa dihindari nèk kèt awal wis dipikirké sik kemungkinan-kemungkinan kuwi. (WB. 22:3) Misalé, nèk ing dhaérahé njenengan wis biasa tamu sing ora diundang ngerti-ngerti teka, pikirna apa sing isa njenengan lakukan kanggo mencegah kuwi. Kanggo keluarga sing dudu Seksi, kandhanana kaya apa acarané mengko lan ngapa kok ana beberapa kebiasaan sing ora dilakukan ing acarané njenengan. Artikel ing jw.org sing judhulé ”Acara Pernikahané Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?” ya isa digunakké kanggo njelaské. Njenengan ya isa njaluk tulung sedulur lanang sing rohaniné apik lan njenengan percaya kanggo dadi ”ketua pésta” bèn isa mbantu ngawasi apa sing kelakon selama acara. (Yoh. 2:8) Jelasna kabèh rencanané njenengan bèn dhèwèké isa mbantu mastèkké acara kuwi tetep bermartabat lan sesuai rencana.
20. Apa sing isa diéling-éling calon mantèn soal acara pernikahané?
20 Wektu nyiapké acara pernikahan, njenengan isa waé dadi kewalahan lan strès. Tapi élinga, nèk dina pernikahan kuwi mung sedina. Kuwi mung lagi awalé. Bar kuwi, njenengan karo pasangané njenengan bakal nglayani Yéhuwah bareng-bareng. Makané, upayakna bèn acara pernikahané sing sederhana waé lan terhormat. Percayaa karo Yéhuwah. Nèk manut tuntunané, njenengan bakal isa nggawé acara pernikahan sing ora mung berkesan, tapi ya ora bakal njenengan sesali.—Mzm. 37:3, 4.
LAGU 107 Niru Tresnané Yéhuwah
a KETERANGAN: Ing beberapa kebudayaan, sing dimaksud pernikahan kuwi biasané mencakup ceramah perkawinan, tukar cincin, ngucap janji nikah, terus bar kuwi resèpsi. Nah, ing kebudayaan liya, ana pasangan sing ora melakukan beberapa utawa kabèh hal kuwi ing pernikahané. Tapi, meréka ya bakal tetep isa éntuk manfaat nèk ngrenungké pathokan ing Alkitab soal acara pernikahan.
b Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh piyé pandhangané Yéhuwah soal manut hukum pamréntah soal perkawinan, deloken artikel ”Pernikahan yang Terhormat di Mata Allah dan Manusia” ing Menara Pengawal 15 Oktober 2006.
c Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Apa Éntuk Nyuguhi Minuman Keras?