PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Desember hlm. 26-30
  • Para Lansia, Njenengan Nduwé Peran Penting ing Jemaat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Para Lansia, Njenengan Nduwé Peran Penting ing Jemaat
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MIKIRKÉ SING DIJALUK YÉHUWAH KUWI APA
  • PENGALAMANÉ NJENENGAN KUWI BERHARGA BANGET
  • YÉHUWAH NGANGGEP BERHARGA KESETIAANÉ NJENENGAN
  • TERUS SIBUK NULUNGI LIYANÉ
  • Bahagia Merga Mènèhi sing Paling Apik kanggo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Menghargai Sedulur-Sedulur sing Lansia
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Digunakké Yéhuwah kanggo Nindakké Kepénginané
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Tetep Bahagia Wektu Wis Tuwa
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Desember hlm. 26-30
Gambar: Para sedulur lansia bahagia menikmati nglayani Yéhuwah. 1. Sedulur lanang lansia senyum karo ndhangak. 2. Sedulur wédok lansia sing lungguh ing kursi rodha ngekèki selebaran ing perawat. 3. Sedulur wédok lansia njawab ing pertemuan ibadah. 4. Sedulur wédok lansia digandhèng sedulur lanang enom. Meréka nginjil bareng. 5. Ing Balai Ibadah, sedulur lanang lansia ngobrol karo cah cilik loro lan ibuné.

Para Lansia, Njenengan Nduwé Peran Penting ing Jemaat

”Saiki, aku wis ora kaya mbiyèn manèh. Padahal pas nom-nomanku, akèh sing isa tak lakukan.”—Connie, 83 taun.

Kaya Sedulur Connie, mungkin njenengan ya ngrasa nèk saiki apa-apa dadi terbatas. Meskipun ngerti nèk wis setya nglayani Yéhuwah bertaun-taun, tapi merga mbandhingké jaman isih enom karo saiki, mungkin dadi ngrasa cilik ati. Nah bèn ora ngrasa kaya ngono, apa sing isa dilakukan?

MIKIRKÉ SING DIJALUK YÉHUWAH KUWI APA

Coba pikirna, ’Sakjané, apa ta sing dijaluk Yéhuwah saka aku?’ Ing Pangandharing Torèt 6:5 disebutké, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, lan nganggo kabèh kekuwatanmu.”

Gatèkna nèk ing ayat kuwi, Yéhuwah nyebutké ’atimu, jiwamu, lan kekuwatanmu’. Kuwi berarti sing terbaik sing isa njenengan lakukan saiki, dudu mbandhingké karo sing isa dilakukan wong liya utawa sing isa njenengan lakukan mbiyèn.

Mbiyèn pas isih enom, sesuai keadaané njenengan wektu kuwi, njenengan wis ngekèki sing terbaik kanggo Yéhuwah. Nah saiki, wektu njenengan wis tuwa, njenengan ya berupaya ngekèki sing terbaik sesuai keadaané njenengan saiki. Nah, merga kuwi padha-padha sing terbaik, kanggoné Yéhuwah, upayané njenengan embuh mbiyèn utawa saiki kuwi padha berhargané.

Gambar: Sedulur wédok sing wis setya nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun. 1. Puluhan taun mbiyèn, dhèwèké nginjil ing omah-omah, lan ketemu karo mbak-mbak. 2. Sedulur wédok kuwi saiki wis lansia. Dhèwèké lagi nginjil liwat télpon dikancani sedulur wédok enom.

Pas isih enom njenengan ngekèki sing terbaik kanggo Yéhuwah. Pas wis tuwa njenengan ya ngekèki sing terbaik kanggo Yéhuwah.

PENGALAMANÉ NJENENGAN KUWI BERHARGA BANGET

Ana hal liyané manèh sing isa njenengan pikirké. Sakjané, njenengan nduwé kelebihan. Justru merga njenengan saiki wis tuwa, njenengan nduwé sesuatu sing berharga sing ora diduwèni cah enom. Misalé:

Pengalaman hidup. Gatèkna loro conto iki ing Alkitab:

Raja Daud: ”Mbiyèn aku isih enom lan saiki aku wis tuwa, ning aku ora tau ndelok wong sing bener ditinggalké utawa anak-anaké njaluk-njaluk panganan.”—Mzm. 37:25.

Yosua: ”Saiki, aku wis arep mati. Kowé ngerti tenan saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu nèk kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahmu wis ditepati. Kabèh wis kelakon. Ora ana siji-sijia sing ora ditepati.”—Yos. 23:14.

Daud karo Yosua isa ngomong kaya ngono merga wis ngalami dhéwé. Meréka wis puluhan taun setya nglayani Yéhuwah. Nah merga wis ngalami dhéwé, kata-katané meréka dadi luwih berbobot.

Nèk wis nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun, njenengan mesthi ya wis ngalami akèh hal, misalé piyé Yéhuwah mberkahi umaté, termasuk berkah sing njenengan rasakké dhéwé. Nah, kuwi critakna karo wong liya. Mengko para sedulur sing njenengan critani isa ngrasa dikuwatké, terus njenengan dhéwé ya bakal ngrasa dikuwatké. Dadi, njenengan nduwé peran penting kanggo nguwatké para sedulur ing jemaat.—Rm. 1:​11, 12.

Njenengan ya isa nguwatké para sedulur nèk ngupaya teka ing pertemuan ibadah secara fisik. Njenengan dhéwé ya bakal ngrasa dikuwatké nèk melakukan kuwi. Sedulur Connie, sing disebutké mau, ngomong, ”Nèk teka ing Balai Ibadah, aku ora bakal ngrasa cilik ati, soalé aku isa langsung ngrasakké kasih sayangé para sedulur. Kanggo nduduhké rasa maturnuwunku, aku ya seneng ngekèki para sedulur hadiah. Aku ya terus berupaya aktif ing kegiatan rohani bareng karo para sedulur.”

YÉHUWAH NGANGGEP BERHARGA KESETIAANÉ NJENENGAN

Ing Alkitab, ana akèh conto umaté Yéhuwah sing tetep dianggep penting karo Yéhuwah meskipun sing isa dilakukan wis terbatas. Contoné, lansia ing Israèl sing jenengé Siméon. Bayangna perasaané Siméon. Saben teka ing bait, dhèwèké mesthi ndelok cah-cah enom melakukan tugas-tugas penting ing kono. Tapi, Siméon ora isa kaya ngono. Mungkin kuwi marakké dhèwèké ngrasa nèk ora berguna manèh kanggo Yéhuwah. Tapi kanggoné Yéhuwah, Siméon kuwi umaté sing setya, lan Yéhuwah ngekèki dhèwèké kehormatan kanggo ndelok Yésus sing isih bayi. Bahkan Yéhuwah ya ngekèki roh suciné bèn Siméon isa ngekèki ramalan soal Mésias. (Luk. 2:​25-35) Kuwi kabèh bukti nèk sing didelok Yéhuwah saka Siméon dudu keterbatasané, tapi imané sing kuwat.

Siméon ndelok Yésus sing isih bayi, sing lagi digéndhong Maria karo Yusuf.

Yéhuwah ngekèki Siméon kehormatan kanggo ndelok Yésus sing isih bayi lan kanggo ngekèki ramalan soal Mésias

Njenengan ya isa yakin nèk Yéhuwah nganggep berharga kesetiaané njenengan, meskipun sing njenengan lakukan saiki wis terbatas. Sing disenengi Yéhuwah kuwi nèk ”wong mènèhi sesuai karo apa sing sanggup diwènèhké, dudu sesuai karo apa sing ora sanggup diwènèhké”.—2 Kor. 8:12.

Dadi saiki, upayakna waé apa sing sanggup njenengan lakukan. Misalé, meskipun sedhéla-sedhéla, apa isa nyoba nginjil nganggo macem-macem cara? Utawa nguwatké para sedulur, mungkin liwat télpon utawa kartu ucapan. Meskipun kétoké sederhana, kuwi isa nguwatké para sedulur, terutama merga kuwi saka njenengan sing wis setya nglayani Yéhuwah bertaun-taun.

Bahkan meskipun nduwé keterbatasan fisik, isih ana sing isa njenengan lakukan kanggo Yéhuwah. Gatèkna pengalaman saka Afrika Timur sing dicritakké ing kothak ”Dhèwèké Ora Sida Bunuh Diri”.

Njenengan wis terbukti terus setya nglayani Yéhuwah. Iman lan kesetiaané njenengan isa nguwatké liyané. Njenengan isa yakin nèk ”Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis [njenengan] tindakké lan karo katresnan sing [njenengan] duduhké kanggo Dhèwèké lan jenengé”.—Ibr. 6:10.

TERUS SIBUK NULUNGI LIYANÉ

Menurut penelitian, para lansia sing seneng nulungi biasané awaké luwih séhat, ora gampang pikun, lan umuré luwih dawa.

Tapi, kuwi ora berarti mung merga seneng nulungi, terus dadi ora ngrasakké kesusahan merga wis tuwa. Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké dosa warisan sing marakké wong dadi tuwa lan mati.—Rm. 5:12.

Nèk saiki terus melakukan sing dijaluk Yéhuwah saka njenengan, termasuk mbantu wong liya kenal Dhèwèké, kuwi mengko isa marakké harapané njenengan tetep kétok nyata lan ya ana manfaaté kanggo keséhatané njenengan. Para lansia, yakina nèk upayané njenengan kanggo nglayani kuwi dianggep penting karo Yéhuwah lan imané njenengan ya dihargai para sedulur ing jemaat.

Sedulur wédok lansia lagi jaga gerai. Dhèwèké macakké ayat Alkitab kanggo mbak-mbak. Terus, mbak-mbak kuwi nangis.

Dhèwèké Ora Sida Bunuh Diri

Pas jaga gerai, sedulur wédok lansia nyapa mbak-mbak sing lagi liwat. Sedulur wédok kuwi takon apa dhèwèké éntuk macakké ayat. Terus dhèwèké macakké Yérémia 29:​11, sing nyebutké nèk Yéhuwah péngin ngekèki kedamaian, dudu bencana. Sedulur wédok kuwi takon, ”Menurut ayat iki, Gusti Allah péngin ngekèki kowé apa?”

Mbak-mbak kuwi tersentuh, terus nangis. Dhèwèké njawab, ”Masa depan lan harapan. Maturnuwun wis macakké ayat iki. Iki jawaban dongaku. Akhir-akhir iki, ana akèh banget masalah sing tak adhepi. Masalahé abot banget nganti aku kepikiran arep bunuh diri. Ésuk iki mau, aku ndonga njaluk Gusti Allah ngekèki aku tandha nèk Dhèwèké mémang isih perduli karo aku. Terus saiki njenengan, wong sing ora tak kenal, ngerti-ngerti macakké ayat sing nduduhké apa sing dikarepké Gusti Allah kanggo aku. Ora mungkin nèk iki kebetulan thok.”

Terus, sedulur wédok kuwi nduduhké beberapa artikel ing jw.org sing isiné naséhat saka Alkitab kanggo wong sing péngin bunuh diri. Terus, dhèwèké njelaské soal sinau Alkitab lan ngundang mbak-mbak kuwi ing pertemuan ibadah. Ing minggu berikuté, mbak-mbak kuwi teka ing pertemuan ibadah akhir pekan lan saiki wis belajar nganggo brosur Bahagia Saklawasé.

Ora soal umur pira, apa njenengan ya isa mèlu nginjil ing panggonan umum nganggo rak beroda?

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim