ARTIKEL PELAJARAN 41
LAGU 108 Tresnané Yéhuwah Saklawasé
Katresnané Yéhuwah Ana Saklawasé
” Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan. Katresnané sing langgeng ana saklawasé.”—MZM. 136:1, lan cathetan ngisor.
INTI
Isa kuwat wektu ngadhepi kesulitan nèk éling sing diajarké ing Alkitab soal katresnané Yéhuwah.
1-2. Wektu ngadhepi masalah sing abot, umaté Yéhuwah isa waé ngrasa piyé?
KAYA sing njenengan delok ing gambar, ing laut kadhang kapal isa diterjang badai. Kuwi isa marakké kapalé dadi olèng lan ora terkendali. Tapi nèk digatèkké ing gambar, ana sesuatu sing ditalèkké ing kapal lan diuncalké ing njero banyu. Kuwi jenengé jangkar. Jangkar kuwi isa marakké kapalé tetep stabil meskipun badainé gedhé banget.
2 Wektu ngadhepi masalah abot, mungkin ya dadi ngrasa kaya kapal mau. Émosi dadi ora stabil, cepet banget berubah. Mungkin bar ngrasa yakin nèk Yéhuwah sayang lan bakal nulungi, ngerti-ngerti dadi ngrasa nèk ora digatèkké Yéhuwah. (Mzm. 10:1; 13:1) Bar kuwi, ana kanca sing nyemangati, lan njenengan dadi semangat manèh. (WB. 17:17; 25:11) Tapi, bar kuwi dadi ragu-ragu manèh, bahkan mulai mikir nèk wis ora disayangi Yéhuwah. Nah, wektu ngadhepi masalah sing abot kaya ngono, piyé bèn isa tetep kuwat? Maksudé, piyé bèn isa yakin lan terus yakin nèk Yéhuwah bakal selalu sayang lan nulungi?
3. (a) Apa maksudé ”katresnan sing langgeng” sing disebutké ing cathetan ngisor Mazmur 31:7 lan 136:1? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah dadi conto sing paling apik soal kuwi? (Deloken gambar.)
3 Salah siji cara bèn isa tetep kuwat wektu ngadhepi masalah kuwi nèk terus éling karo katresnané Yéhuwah sing langgeng. (Wacanen Mazmur 31:7; 136:1, lan cathetan ngisor.) Wong sing nduwé ”katresnan sing langgeng” berarti nduwé ikatan sing kuwat lan terus ana saklawasé karo seseorang. Yéhuwah dadi conto sing paling apik soal kuwi. Ing Alkitab disebutké nèk Dhèwèké ”nduwé katresnan sing langgeng sing gedhé banget”. (Pa. 34:6, 7, lan cathetan ngisor.) Ing Mazmur 86:5 lan cathetan ngisoré ya disebutké nèk Yéhuwah ”nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé banget marang wong sing njaluk tulung marang” Dhèwèké. Kuwi berarti, Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté sing setya. Nèk éling soal kuwi, embuh masalah apa waé sing gedhéné kaya badai, njenengan bakal isa ngadhepi.—Mzm. 23:4.
Kaya jangkar sing isa marakké kapal tetep stabil wektu ana badai, nèk yakin karo katresnané Yéhuwah, mengko ya isa dadi tetep kuwat wektu ngadhepi masalah (Deloken paragraf 3)
ÉLING NÈK KATRESNANÉ YÉHUWAH KUWI AJARAN DHASAR ING ALKITAB
4. Ajaran dhasar ing Alkitab kuwi misalé apa waé, lan ngapa kok yakin nèk kuwi ajaran sing bener?
4 Ing Alkitab ana sing disebut ”ajaran dhasar”. Kuwi ajaran sing bener sing dhasaré saka Alkitab. Misalé, jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, Yésus kuwi anaké Gusti Allah siji-sijiné, wong mati ora ngerti apa-apa, lan sukmbèn manungsa isa urip saklawasé ing bumi Firdaus. (Mzm. 83:18; Pkh. 9:5; Yoh. 3:16; Why. 21:3, 4) Nah merga yakin ajaran-ajaran kuwi bener, meskipun ana sing ngomong sing bertentangan karo kuwi, njenengan ora ragu-ragu utawa bingung. Soalé, njenengan ngerti nèk ajaran-ajaran kuwi ana dhasaré. Padha kaya ngono, nèk nganggep katresnané Yéhuwah sebagai ajaran dhasar ing Alkitab, njenengan bakal tetep yakin nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, ora soal sepira aboté masalahé njenengan.
5. Apa sing marakké wong akhiré isa ninggalké ajaran sing salah?
5 Coba éling-élingen pas awal-awal belajar Alkitab. Apa sing marakké njenengan gelem ninggalké ajaran sing salah? Mungkin awalé mbandhingké ajaran sing selama iki dipercaya karo ajaran ing Alkitab. Misalé ngéné, mungkin mbiyèn percaya nèk wong mati arwahé isih gentayangan. Tapi bar belajar Alkitab, dadi mulai mikir apa kuwi mémang bener. Nah, bar ndelok bukti-buktiné ing Alkitab, dadi nyimpulké nèk kuwi ora bener. Akhiré, saiki njenengan percaya nèk ”wong mati ora ngerti apa-apa” lan ”Gusti Allah bakal nguripké manèh” kabèh wong mati. (Pkh. 9:5; Kis. 24:15) Ya mémang, ajaran sing salah kuwi isa dipadhakké kaya bèntèng sing kuwat sing angèl dirubuhké. (2 Kor. 10:4, 5) Tapi bar ngerti ajaran sing bener, bèntèng kuwi seolah-olah rubuh lan njenengan ora gelem percaya manèh ajaran sing salah mau.—Flp. 3:13.
6. Istilah ”katresnané sing langgeng ana saklawasé” sing dibolan-balèni ing Mazmur 136 kuwi sakjané kanggo nduduhké soal apa?
6 Wektu ngadhepi masalah, isa waé ya dadi ragu karo katresnané Yéhuwah. Nah pas kaya ngono, kudu mikir, ’Apa pikiran kaya ngono kuwi bener?’ Bar kuwi, bandhingna karo keterangan ing Mazmur 136:1, sing dadi ayat téma artikel iki. Ngapa kok ing kono Yéhuwah nyebut katresnané kuwi ”langgeng”? Terus, ngapa kok kata-kata ”katresnané sing langgeng ana saklawasé” kuwi dibolan-balèni ping 26 ing basa asliné? Sakjané, kuwi kanggo nduduhké nèk katresnané Yéhuwah sing langgeng kuwi ajaran dhasar ing Alkitab, padha kaya ajaran dhasar liyané sing wis njenengan percaya. Pikiran nèk Yéhuwah ora sayang karo njenengan kuwi isa dipadhakké kaya ajaran sing salah, sing kudu ditolak.
7. Kèkana conto ayat-ayat sing isa ngyakinké nèk Yéhuwah sayang.
7 Ing Alkitab ana akèh ayat sing dadi bukti nèk Yéhuwah sayang. Misalé, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.” (Mat. 10:31) Terus Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.” (Yés. 41:10) Gatèkna nèk Yésus ora ngomong, ’Kowé kétoké luwih berharga,’ tapi ”Kowé luwih berharga.” Yéhuwah ya ora ngomong, ’Aku kétoké bakal nulungi kowé,’ tapi ”Aku bakal nulungi kowé.” Dadi wektu ana masalah, terus dadi ragu-ragu karo katresnané Yéhuwah, nèk maca ayat-ayat kuwi, mengko ora mung isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang, tapi ya yakin tenan soal kuwi. Kata-kata ing ayat kuwi mémang sesuai kenyataané. Nèk ndonga lan ngrenungké ayat-ayat kaya ngono, njenengan bakal ngrasakké kaya sing disebutké ing 1 Yohanes 4:16, ”Awaké dhéwé ngerti lan percaya nèk Gusti Allah nresnani awaké dhéwé.”a
8. Nèk kadhang ragu karo katresnané Yéhuwah, apa sing isa dilakukan?
8 Nèk kadhang isih ngrasa ragu karo katresnané Yéhuwah, élinga faktané kuwi sakjané piyé. Perasaan isa berubah, tapi nèk fakta ora bakal berubah. Nah, katresnané Yéhuwah kuwi fakta sing diajarké ing Alkitab. Nèk ora percaya Yéhuwah sayang karo njenengan, kuwi padha waé ora percaya karo fakta nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”.—1 Yoh. 4:8.
MIKIRKÉ NÈK YÉHUWAH SAYANG KARO NJENENGAN
9-10. Wektu ngomong, ”Bapak dhéwé sayang karo kowé”, sakjané Yésus lagi njelaské soal apa? (Yohanes 16:26, 27) (Deloken gambar.)
9 Ana manèh sing isa dipelajari soal katresnané Yéhuwah saka kata-katané Yésus kanggo murid-muridé. Yésus ngomong, ”Bapak dhéwé sayang karo kowé.” (Wacanen Yohanes 16:26, 27.) Wektu ngomong kuwi, Yésus ora lagi péngin menghibur murid-muridé. Yésus ya ora lagi mbahas soal perasaané murid-muridé. Tapi, saka ayat-ayat sakdurungé, Yésus sakjané lagi mbahas soal donga.
10 Wektu kuwi, Yésus ngandhani nèk ndonga kudu nganggo jenengé, tapi dudu ing dhèwèké. (Yoh. 16:23, 24) Meréka kudu dikandhani soalé mungkin saking akrabé, sakwisé Yésus diuripké manèh, meréka dadi pénginé ndongané ing Yésus. Meréka mungkin mikir, ’Yésus kan sayang karo aku, dadi dhèwèké mesthi gelem ngrungokké dongaku, terus nyampèkké kuwi ing Bapaké.’ Tapi Yésus ngomong nèk meréka ora éntuk mikir kaya ngono. Soalé Yésus ngomong, ”Bapak dhéwé sayang karo kowé.” Merga sayang banget, Yéhuwah gelem ngrungokké dongané umaté. Kuwi ajaran dhasar ing Alkitab soal donga. Nah, apa pelajarané? Merga sinau Alkitab, njenengan wis kenal lan sayang karo Yésus. (Yoh. 14:21) Tapi merga wis ngerti nèk ’Yéhuwah dhéwé sayang karo njenengan’, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ngrungokké dongané njenengan. Nah, saben ndonga ing Yéhuwah, kuwi sakjané bukti nèk njenengan beriman karo kata-katané Yésus mau.—1 Yoh. 5:14.
Merga ngerti nèk ’Yéhuwah dhéwé sayang karo njenengan’, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ngrungokké dongané njenengan (Deloken paragraf 9-10)b
SING MARAKKÉ RAGU-RAGU
11. Nèk awaké dhéwé ragu karo katresnané Yéhuwah, ngapa kok Sétan seneng?
11 Sapa ta sing marakké awaké dhéwé ragu karo katresnané Yéhuwah? Mungkin njenengan langsung terpikir kuwi Sétan, lan kuwi mémang bener. Menurut Alkitab, Sétan ”ngupaya bèn isa mangan manungsa” lan péngin awaké dhéwé ragu karo katresnané Yéhuwah. (1 Ptr. 5:8) Sétan ya péngin awaké dhéwé ngrasa ora pantes dikèki tebusan, padahal Yéhuwah ngekèki kuwi merga sayang banget karo awaké dhéwé. (Ibr. 2:9) Dadi, nèk njenengan mulai ragu karo katresnané Yéhuwah, sapa sing seneng? Sétan. Terus, nèk saking cilik atiné akhiré wegah nglayani Yéhuwah manèh, sapa sing seneng? Sétan. Sétan péngin awaké dhéwé ngrasa ora disayangi Yéhuwah, padahal sing ora disayangi Yéhuwah kuwi Sétan. Kuwi ”siasat liciké” Sétan. (Éf. 6:11) Nah, merga ngerti nèk kuwi siasaté Sétan, awaké dhéwé bakal luwih bertékad kanggo ”nglawan Iblis”.—Yak. 4:7.
12-13. Kok isa dosa warisan marakké awaké dhéwé dadi ragu karo katresnané Yéhuwah? Jelasna.
12 Apa manèh sing isa marakké dadi ragu karo katresnané Yéhuwah? Dosa warisan. (Mzm. 51:5; Rm. 5:12) Merga dosa, hubungané manungsa karo Gusti Allah dadi adoh. Terus, dosa ya isa mempengaruhi pikiran, perasaan, lan keséhatané manungsa.
13 Merga mewarisi dosa, manungsa dadi ngrasa bersalah, kuwatir, wedi, lan isin. Biasané, perasaan-perasaan kaya ngono muncul sakwisé nggawé kesalahan. Tapi, merga kèt lair wis dosa, perasaan-perasaan kuwi isa waé ngerti-ngerti muncul. Padahal dudu kuwi karepé Gusti Allah pas awal nyiptakké manungsa. (Rm. 8:20, 21) Kaya ban nggembos sing marakké kendaraan dadi ora isa berfungsi normal, manungsa ya dadi ora isa berfungsi kaya rancangan awalé Yéhuwah merga nduwé warisan dosa. Makané, wajar nèk kadhang dadi ragu karo katresnané Yéhuwah. Nah, nèk kuwi sing njenengan rasakké, kudu éling nèk Yéhuwah kuwi ’Gusti Allah sing agung lan luar biasa sing nduduhké katresnané sing langgeng marang wong sing nresnani lan manut préntahé’.—Néh. 1:5.
14. Nèk ngrenungké tebusan, ngapa kok kuwi isa marakké dadi ora ragu manèh karo katresnané Yéhuwah? (Roma 5:8) (Deloken kothak ”Waspada karo Upayané Dosa kanggo ’Nggawé Wong-Wong Kapusan’”.)
14 Kadhang, awaké dhéwé isa waé ngrasa ora pantes disayangi Yéhuwah. Kenyataané, mémang ora pantes. Tapi justru kuwi sing marakké katresnané Yéhuwah dadi sesuatu sing istiméwa. Embuh apa waé sing diupayakké, sakjané awaké dhéwé tetep ora pantes nampa katresnané Yéhuwah. Tapi merga sayang, Yéhuwah gelem ngekèki tebusan bèn dosané awaké dhéwé isa diampuni. (1 Yoh. 4:10) Sakliyané kuwi, Yésus teka ing bumi kanggo nylametké wong sing dosa, dudu sing sempurna. (Wacanen Roma 5:8.) Sing dilakukan manungsa ora mungkin isa sempurna, lan Yéhuwah ya ora nuntut kuwi. Dadi, nèk mulai ragu karo katresnané Yéhuwah, élinga nèk kuwi merga wis dosa. Nèk éling soal kuwi, mengko dadi luwih bertékad kanggo nglawan pikiran sing ora bener kuwi.—Rm. 7:24, 25.
MILIH TERUS SETYA
15-16. Nèk terus setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin soal apa, lan ngapa? (2 Samuèl 22:26)
15 Yéhuwah péngin awaké dhéwé milih terus ”setya marang Dhèwèké”. (PT. 30:19, 20) Yéhuwah ya bakal setya karo awaké dhéwé. (Wacanen 2 Samuèl 22:26.) Selama terus setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu ora soal masalah apa sing diadhepi.
16 Kaya sing wis dibahas, awaké dhéwé isa tetep kuwat wektu ngadhepi masalah. Soalé, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah sayang lan bakal selalu nulungi. Kuwi sing diajarké ing Alkitab. Dadi nèk mulai ragu, renungna fakta-fakta sing wis dingertèni, dudu fokus karo sing dirasakké. Ayo terus yakin nèk katresnané Yéhuwah sing langgeng ana saklawasé, kaya sing diajarké ing Alkitab.
LAGU 159 Pujinen Yah Saben Dina
a Conto ayat liyané misalé Pangandharing Torèt 31:8, Mazmur 94:14, lan Yésaya 49:15.
b PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang ndonga bèn isa ngopèni bojoné sing lagi lara, ngatur keuangan, lan ngajari anaké bèn sayang Yéhuwah.