ARTIKEL PELAJARAN 46
LAGU 17 ”Aku Gelem”
Yésus, Imam Agung sing Memahami Banget Perasaané Manungsa
” Imam agungé awaké dhéwé kuwi dudu imam agung sing ora isa ngerti kelemahané awaké dhéwé.”—IBR. 4:15.
INTI
Yésus kuwi Imam Agung sing paling apik merga dhèwèké memahami banget perasaané manungsa lan manfaaté kanggo awaké dhéwé nèk memahami soal kuwi.
1-2. (a) Apa tujuané Yéhuwah ngongkon Yésus ing bumi? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki? (Ibrani 5:7-9)
KIRA-KIRA 2.000 taun kepungkur, Yéhuwah ngongkon Yésus ing bumi. Salah siji tujuané kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan kematian lan nyingkirké kabèh masalah sing disebabké Sétan. (Yoh. 3:16; 1 Yoh. 3:8) Tapi ora mung kuwi, Yéhuwah ya ngerti nèk sing dialami Yésus selama dadi manungsa bakal nglatih Yésus bèn isa dadi Imam Agung sing paham banget karo perasaané manungsa. Yésus dadi Imam Agung sakwisé dibaptis taun 29 M.a
2 Nah, ing artikel iki bakal dibahas apa waé sing dialami Yésus selama ing bumi. Nèk ngerti Yésus kuwi Imam Agung sing paham banget karo perasaané manungsa, awaké dhéwé dadi ora wedi kanggo ndonga lan nyedhak Yéhuwah, bahkan wektu lagi sedhih merga bar nggawé dosa.—Wacanen Ibrani 5:7-9.
URIPÉ YÉSUS ING BUMI
3-4. Wektu teka ing bumi, apa waé sing ditinggalké Yésus ing swarga, terus piyé uripé selama ing bumi?
3 Kabèh wong mesthi tau ngalami perubahan. Misalé, kudu pindhah omah lan ninggalké keluarga utawa kanca. Perubahan kaya ngono kuwi ora gampang. Tapi, kuwi ora ana apa-apané dibandhingké perubahan sing dialami Yésus. Bayangna, ing swarga Yésus kuwi malaékat sing kedudukané paling dhuwur lan paling penting. Dhèwèké disayangi Yéhuwah lan selalu bahagia merga isa kerja langsung karo Yéhuwah. (Mzm. 16:11; WB. 8:30) Tapi meskipun ngono, ing Filipi 2:7 disebutké nèk Yésus gelem ”ninggalké kabèh sing diduwèni” ing swarga, lan urip ing bumi bareng karo manungsa sing ora sempurna.
4 Terus, pikirna awal-awal uripé Yésus ing bumi dadi manungsa. Keluargané Yésus kuwi miskin. Buktiné, bar Yésus lair, wong tuwané mung isa ngekèki manuk loro kanggo dadi persembahan ing bait. (Km. 12:8; Luk. 2:24) Terus, bar ngerti soal kelahirané Yésus, Raja Hérodès sing jahat ya berupaya matèni Yésus nganti keluargané Yésus kudu ngungsi ing Mesir selama beberapa waktu. (Mat. 2:13, 15) Uripé Yésus ing bumi béda banget karo pas ing swarga.
5. Apa sing Yésus gatèkké selama ing bumi, lan piyé urip ing bumi isa marakké dhèwèké dadi Imam Agung sing bener-bener memahami perasaané manungsa? (Deloken gambar.)
5 Selama ing bumi, Yésus nggatèkké ing sekitaré ana akèh banget sing menderita. Bahkan, Yésus dhéwé ya ngrasakké sedhihé ditinggal mati wong sing disayangi, kétoké termasuk Yusuf bapak angkaté. Selama pelayanané, Yésus ya berurusan karo wong sing lara kusta, wuta, lumpuh, lan wong tuwa sing ditinggal mati anaké. Yésus mesthi ya ngrasa mesakké karo meréka. (Mat. 9:2, 6; 15:30; 20:34; Mrk. 1:40, 41; Luk. 7:13) Mémang, saka swarga Yésus isa ndelok wong-wong sing menderita. Tapi, pas dadi manungsa ing bumi, Yésus dadi ngerti dhéwé susahé dadi manungsa. (Yés. 53:4) Saka hal-hal sing dialami pas ing bumi, Yésus dadi isa ngerti macem-macem perasaané manungsa lan sepira menderitané manungsa wektu ngadhepi kesulitan. Terus, kaya manungsa umumé, Yésus dhéwé ya tau ngrasa kesel, tertekan, lan sedhih.
Yésus perduli lan ngrasa mesakké karo wong-wong ing sekitaré sing menderita (Deloken paragraf 5)
YÉSUS ISA NGRASAKKÉ SING DIRASAKKÉ WONG LIYA
6. Saka gambaran ing Yésaya 42:3, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal Yésus?
6 Selama pelayanané, Yésus nduduhké rasa mesakké karo wong-wong sing lemah lan diperlakukan ora adil. Sing dilakukan Yésus kuwi sesuai karo ramalané Yéhuwah liwat Nabi Yésaya. Ing Kitab-Kitab Ibrani, wong-wong sing kuwat lan makmur kadhang dipadhakké kaya kebon sing subur utawa wit sing gedhé-gedhé. (Mzm. 92:12; Yés. 61:3; Yér. 31:12) Tapi, wong-wong sing mlarat lan tertindas dipadhakké kaya suket sing tugel lan sumbu sing geniné arep mati, ora ana gunané. (Wacanen Yésaya 42:3.) Yéhuwah nggunakké gambaran-gambaran kuwi kanggo nduduhké nèk Yésus bakal sayang lan ngrasa mesakké karo wong-wong biasa sing ora dianggep karo wong liya.
7-8. Piyé Yésus nggenepi ramalané Yésaya?
7 Matius nduduhké nèk Yésus nggenepi kata-katané Yésaya, ”Suket dhuwur sing wis tugel ora bakal diremuk, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni.” (Mat. 12:20) Yésus nggawé akèh mukjijat kanggo wong sing tertindas lan ora nduwé harapan. Meréka kaya suket sing wis tugel utawa sumbu sing geniné arep mati mau. Salah sijiné kuwi wong lanang sing lara kusta sak awak. Dhèwèké mesthi wis ngrasa ora bakal mari lan ora isa ngumpul manèh karo keluarga utawa kanca-kancané merga penyakité. (Luk. 5:12, 13) Terus, ya ana wong lanang budheg sing ora lancar ngomong. Bayangna piyé perasaané wektu ndelok wong liya ngobrol tapi dhèwèké ora mudheng sing diobrolké. (Mrk. 7:32, 33) Tapi, ora mung kuwi thok sing meréka rasakké.
8 Wektu kuwi, akèh wong Yahudi percayané nèk wong lara utawa cacad kuwi merga dosané dhéwé utawa dosané wong tuwané. (Yoh. 9:2) Pandhangan kaya ngono marakké wong cacad utawa lara dadi diperlakukan ora apik, lan kuwi mesthi marakké meréka dadi tambah cilik ati. Tapi, Yésus marèkké meréka lan ngandhani nèk Gusti Allah perduli karo meréka. Saka sing dilakukan Yésus kuwi, awaké dhéwé dadi yakin soal apa?
9. Apa buktiné nèk Imam Agungé awaké dhéwé bener-bener ”ngerti” perasaané manungsa sing ora sempurna? (Ibrani 4:15, 16)
9 Wacanen Ibrani 4:15, 16. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus selalu memahami manungsa lan nduwé rasa mesakké. Dhèwèké ngerti kabèh penderitaan lan perasaané manungsa. Ing ayat iki, kata Yunani sing diterjemahké ”ngerti” kuwi berarti Yésus mèlu ngrasakké penderitaané wong sing lagi susah. Kuwi terbukti saka carané Yésus wektu nggawé mukjijat. Yésus ora marèkké wong mung merga ngrasa nèk kuwi mémang tugasé. Dhèwèké bener-bener perduli lan péngin nulungi. Misalé, wektu marèkké wong lara kusta, Yésus ora marèkké saka kadohan, tapi gelem ndemèk wong kuwi. Mungkin seumur hidupé, kuwi pertama kaliné wong kuwi didemèk wong liya. Terus, wektu marèkké wong budheg, Yésus ngejak dhèwèké ngedoh sik saka wong liya bèn ora kagèt wektu isa krungu manèh. Terus, pikirna soal carané Yésus memperlakukan wong wédok sing ngwijiki sikilé Yésus nganggo air matané. Meskipun wong wédok kuwi dirèmèhké wong Farisi, tapi Yésus mbélani wong wédok kuwi. (Mat. 8:3; Mrk. 7:33; Luk. 7:44) Saka conto-conto kuwi, kétok jelas nèk Yésus ora jijik utawa ngedohi wong-wong sing nduwé penyakit utawa sing wis nggawé dosa gedhé. Malah, Yésus gampang dicedhaki lan nggawé meréka ngrasa disayangi. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus mesthi ya bakal kaya ngono karo awaké dhéwé.
BUKTI NÈK UMATÉ YÉHUWAH NIRU YÉSUS
10. Persediaan apa waé sing digawé umaté Yéhuwah kanggo mbantu wong-wong sing budheg lan wuta? (Deloken gambar.)
10 Umaté Yéhuwah saiki ya berupaya niru Yésus kanggo nduduhké rasa sayang lan rasa mesakké. (1 Ptr. 2:21; 3:8) Ya mémang ora isa nggawé mukjijat marèkké sing budheg utawa wuta, tapi ana cara liyané. Misalé, kanggo sing tunarungu, publikasi disedhiakké ing luwih saka 100 basa isyarat. Kanggo sing penglihatané terbatas utawa wuta, publikasi nganggo huruf Braille disedhiakké ing luwih saka 60 basa. Terus, vidéo-vidéo sing dilengkapi nganggo dèskripsi audio disedhiakké ing luwih saka 100 basa. Kuwi kabèh tujuané kanggo mbantu wong-wong sing budheg lan wuta bèn isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan Yésus.
Publikasi sing dhasaré Alkitab ana ing luwih saka 1.000 basa
Kiwa: Luwih saka 100 basa isyarat
Tengen: Luwih saka 60 basa nganggo huruf Braille
(Deloken paragraf 10)
11. Apa buktiné organisasiné Yéhuwah niru Yésus kanggo nggatèkké wong-wong saka macem-macem latar belakang? (Kisah 2:5-7, 33) (Deloken gambar.)
11 Organisasiné Yéhuwah ora mung mbantu wong sing wuta utawa budheg thok, tapi ya kabèh wong saka macem-macem latar belakang. Élinga, nèk sakwisé diuripké manèh, Yésus ngekèki roh suci kanggo murid-muridé bèn meréka isa nginjil ”nganggo basa asliné wong-wong” sing padha teka ing Péntakosta. (Wacanen Kisah 2:5-7, 33.) Saiki, Yésus ya nuntun organisasiné Yéhuwah kanggo nyedhiakké publikasi ing luwih saka 1.000 basa, bahkan ing basa-basa sing penggunané mung sithik. Misalé, basa-basa dhaérahé penduduk asli Amerika sing mung digunakké sithik wong ing Amerika Utara lan Selatan. Organisasi nyedhiakké publikasi ing luwih saka 160 basa dhaérah kuwi bèn wong-wong sing nggunakké basa kuwi isa nduwé kesempatan kanggo ngerti kabar apik. Terus, ya ana publikasi sing disedhiakké ing luwih saka 20 basa Romani ing Eropa. Hasilé, ana éwonan wong sing nggunakké basa-basa kuwi saiki akhiré nglayani Yéhuwah.
Kiwa: Luwih saka 160 basa dhaérah sing digunakké penduduk asli Amerika
Tengen: Luwih saka 20 basa Romani
(Deloken paragraf 11)
12. Apa manèh sing dilakukan organisasiné Yéhuwah kanggo mbantu wong-wong?
12 Sakliyané mbantu wong-wong bèn ngerti kabar apik, organisasiné Yéhuwah ya berupaya mbantu wong-wong sing susah merga kena bencana alam. Ana éwonan sedulur sing réla mbantu sedulur liyané sing mbutuhké. Organisasi ya nyedhiakké panggonan sing sederhana sing isa digunakké kanggo ngumpul lan ngibadah bèn wong-wong isa belajar soal katresnané Yéhuwah.
SING DILAKUKAN IMAM AGUNG YÉSUS KANGGO NJENENGAN
13. Apa waé carané Yésus mbantu awaké dhéwé?
13 Sebagai gembala, Yésus mastèkké bèn saben umaté Yéhuwah isa terus akrab karo Yéhuwah. (Yoh. 10:14; Éf. 4:7) Kadhang merga ngadhepi akèh kesulitan, misalé lara parah, melakukan kesalahan, utawa nduwé masalah karo sedulur seiman, awaké dhéwé isa waé ngrasa kaya suket sing wis tugel utawa sumbu sing geniné mèh mati. Terus, mungkin merga terlalu fokus karo masalah kuwi, dadi ngrasa nèk wis ora ana harapan manèh. Tapi, élinga nèk Yésus memahami kesulitan-kesulitan kuwi lan perasaané awaké dhéwé. Merga memahami perasaan kuwi, Yésus ya dadi tergerak kanggo mbantu. Misalé, Yésus isa nggunakké roh suci kanggo nguwatké. (Yoh. 16:7; Tit. 3:6) Yésus ya isa nggunakké pinituwa lan sedulur seiman liyané kanggo nyemangati, ndhukung, lan nulungi.—Éf. 4:8.
14. Pas lagi cilik ati utawa ora semangat, kudu piyé?
14 Wektu ngrasa cilik ati utawa ora semangat, renungna perané Yésus dadi Imam Agung. Élinga nèk Yéhuwah ngongkon Yésus ing bumi ora mung kanggo dadi tebusan, tapi bèn Yésus bener-bener memahami masalah sing diadhepi manungsa sing ora sempurna. Wektu awaké dhéwé ngrasa cilik ati merga nduwé kelemahan utawa tau nggawé kesalahan, Yésus siap lan gelem nulungi ”ing wektu sing pas”.—Ibr. 4:15, 16.
15. Critakna apa sing marakké Stefano gelem bali manèh ing organisasi.
15 Yésus ya nuntun umaté Yéhuwah kanggo ngupaya nggolèki wong-wong sing wis ninggalké Yéhuwah lan mbantu meréka bali manèh ing organisasi. (Mat. 18:12, 13) Gatèkna pengalamané Stefano.b Bar 12 taun ditokké saka jemaat, Stefano péngin teka manèh ing pertemuan ibadah. Stefano crita, ”Pas pertama kali teka, rasané mémang canggung. Tapi, aku péngin nglayani Yéhuwah manèh bareng karo para sedulur. Para pinituwa sing nemoni aku, nyambut aku. Mémang, aku isih sedhih merga wis ninggalké Yéhuwah lan kadhang péngin nyerah waé. Tapi, para pinituwa ngélingké nèk Yéhuwah lan Yésus pénginé aku ora nyerah. Pas aku ditampa manèh, kabèh sedulur ing jemaat nyambut aku lan keluargaku. Akhiré, bojoku gelem belajar Alkitab lan saiki kami nglayani Yéhuwah bareng-bareng.” Wektu ndelok kabèh umaté Yéhuwah gelem mbantu sing bertobat bali manèh ing organisasi, Yésus sing dadi Imam Agung mesthi seneng banget.
16. Nduwé Imam Agung sing paham banget karo perasaané manungsa kuwi rasané bersyukur banget. Lha ngapa?
16 Bersyukur banget karo Yéhuwah, sing merga sayang karo manungsa, wis milih Yésus dadi Imam Agung sing paham banget karo perasaané manungsa. Selama ing bumi, Yésus wis nulungi akèh banget wong sing mbutuhké. Dadi saiki, kapan waé butuh bantuan, yakina nèk Yésus mesthi bakal nulungi. Terus sedhéla manèh, ing donya anyar, Yésus ya bakal mbantu kabèh manungsa sing manut bèn isa bébas saka dosa lan akhiré sempurna manèh.
LAGU 13 Ayo Niru Yésus
a Nèk péngin ngerti piyé Imam Agung Yésus béda karo imam agungé wong Israèl, wacanen artikel ”Menghargai Kesempatan Istiméwa Isa Nyembah Yéhuwah ing Bait Rohani” ing Warta Penting Oktober 2023, halaman 26, paragraf 7-9.
b Dudu jeneng asliné.