PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 November hlm. 30
  • Penghiburan kanggo Wong Wédok sing Dianiaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Penghiburan kanggo Wong Wédok sing Dianiaya
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Janjiné Gusti Allah kanggo Wong Wédok
    Topik Liyané
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Bantuan kanggo Njenengan
    Gatèkna!—2020
  • Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
    Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 November hlm. 30
Sedulur wédok ngekèki wong wédok artikel sing wis dicétak sing judhulé ”Janjiné Gusti Allah kanggo Wong Wédok”.

Penghiburan kanggo Wong Wédok sing Dianiaya

”ANA jutaan wong wédok sing dianiaya lan dilècèhké. Apa njenengan ya tau ngalami kuwi? Ing artikel iki bakal dibahas piyé pandhangané Gusti Allah soal wong wédok lan apa sing bakal dilakukan Gusti Allah sukmbèn.”

Kuwi kata-kata pembuka saka artikel ing jw.org sing judhulé ”Janjiné Gusti Allah kanggo Wong Wédok”. Ing bagian ngisor, ana link kanggo ndownload vèrsi PDF-é. PDF kuwi isa dicétak, terus dilipet dadi selebaran. Sedulur Stacy saka Amerika Serikat crita, ”Bar tak cétak, aku karo siji sedulur wédok nggawa beberapa selebaran kuwi ing tempat penampungan wanita sing ana ing dhaérah jemaat kami.”

Sing kerja ing kono njaluk luwih akèh selebaran kanggo dibagèkké ing wong-wong wédok sing manggon ing penampungan kuwi. Hasilé, ana luwih saka 40 selebaran lan 30 kartu kontak jw.org sing ditempatké. Bar kuwi, manajeré ngongkon Seksi Yéhuwah nduduhké kanggo wong-wong wédok sing manggon ing kono soal kaya apa sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah.

Ing tempat penampungan liyané, Stacy karo loro sedulur wédok liyané berhasil nempatké limang selebaran lan malah dikon nggawa luwih akèh manèh. Sing kerja ing kono ngomong, ”Kami bener-bener butuh selebaran kaya ngéné, soalé iki bermanfaat banget.” Pas dikunjungi manèh, ana beberapa wong wédok sing péngin ngerti kaya apa sinau Alkitab kuwi. Ana loro sing péngin teka ing pertemuan ibadah akhir pekan ing Balai Ibadah.

Stacy ngomong, ”Nyenengké banget ana akèh sing gelem maca artikel sing apik iki. Iki cara sing unik kanggo nginjil ing wong-wong wédok sing dianiaya. Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané awaké dhéwé nyritakké kabar apik kanggo wong-wong wédok sing diperlakukan ora apik.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim