PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 November hlm. 28-29
  • Ngupayakké Persatuan sing Ana Merga Roh Suci

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngupayakké Persatuan sing Ana Merga Roh Suci
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”TERUS NGUPAYA TENANAN BÈN TETEP BERSATU”
  • Rukun Nindakké Tugasé
    Ayo Nyanyi kanggo Yéhuwah
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 November hlm. 28-29
Para sedulur lagi mangan bareng ing omahé salah siji sedulur.

Ngupayakké Persatuan sing Ana Merga Roh Suci

RASUL PAULUS ngandhani wong Kristen ing Éfésus, ”Kowé kudu terus . . . sabar karo liyané merga tresna. Roh suci wis nggawé kowé bersatu. Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn tetep bersatu lan rukun.”—Éf. 4:​2, 3.

Umaté Yéhuwah isa ”bersatu” merga roh suci. Tapi kaya sing disebutké Paulus, persatuan kuwi kudu terus diupayakké. Nah, sapa sing nduwé tanggung jawab kanggo ngupayakké kuwi? Saben wong Kristen.

Perumpamaané ngéné: Njenengan dikèki mobil anyar. Wis jelas ta nèk sing kuduné tanggung jawab ngrawat mobil kuwi ya njenengan. Nèk nganti mobil kuwi rusak merga ora dirawat, njenengan ora isa nyalahké sing ngekèki mobil.

Padha kaya ngono, umaté Yéhuwah isa bersatu kuwi merga berkah saka Yéhuwah. Tapi, saben umaté nduwé tanggung jawab kanggo terus ngupayakké kuwi. Dadi, nèk lagi ana masalah karo sedulur seiman, kudu mikirké, ’Apa aku wis ngupaya tenanan ngrampungké masalah kuwi bèn jemaat isa terus bersatu?’

”TERUS NGUPAYA TENANAN BÈN TETEP BERSATU”

Kaya sing disebutké Paulus, bèn isa terus bersatu kuwi kudu diupayakké tenanan, terutama nèk ana sedulur seiman sing marakké tersinggung. Tapi, apa kuwi berarti saben tersinggung, terus kudu langsung marani wongé lan ngejak omong soal masalah kuwi? Ora. Pikirna sik, ’Nèk kuwi tak lakukan, mengko masalahé dadi tambah gedhé apa ora?’ Kadhang, sing paling apik kuwi langsung ngampuni utawa nglalèkké waé masalahé.—WB. 19:11; Mrk. 11:25.

Gambar: Sedulur lanang milih kanggo nglalèkké lan ngampuni wektu ana sedulur seiman sing marakké tersinggung. 1. Dhèwèké diunèk-unèkké sedulur lanang liya. 2. Dhèwèké mikirké sing wis dilakukan sedulur kuwi. 3. Dhèwèké maca Alkitab lan ngrenungké.

Pikirna sik, ’Nèk kuwi tak lakukan, mengko masalahé dadi tambah gedhé apa ora?’

Rasul Paulus ya nulis nèk kudu ”sabar karo liyané merga tresna”. (Éf. 4:2) Salah siji buku nyebutké nèk kuwi maksudé ”nampa meréka apa anané”. Kuwi berarti kudu menyadari nèk sedulur seiman isa nggawé kesalahan, kaya awaké dhéwé. Mémang, awaké dhéwé berupaya ”nganggo kepribadian sing anyar”. (Éf. 4:​23, 24) Tapi, ora ana sing isa sempurna melakukan kuwi. (Rm. 3:23) Nah nèk menyadari kuwi, mengko dadi isa luwih gampang kanggo sabar, ngampuni, lan ”tetep bersatu lan rukun”.

Nèk seneng ngampuni lan nglalèkké kesalahané para sedulur sing wis marakké lara ati, mengko jemaat isa ”tetep bersatu lan rukun”. Kata Yunani sing diterjemahké ”bersatu lan rukun” ing Éfésus 4:3 kuwi ya isa berarti jaringan pengikat sing kuwat sing mengikat balung-balung. Padha kaya ngono, nèk berupaya rukun lan saling menyayangi, para sedulur isa terus bersatu meskipun ana perbédaan.

Dadi, nèk ana sedulur seiman sing marakké jèngkèl utawa tersinggung, dimaklumi waé lan aja malah digolèki èlèké. (Kol. 3:12) Kabèh wong kuwi ora sempurna. Njenengan dhéwé mesthi ya tau marakké wong liya tersinggung. Nèk terus éling soal kuwi, awaké dhéwé isa terus ngupaya kanggo ”tetep bersatu lan rukun”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim