ARTIKEL PELAJARAN 47
LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
Njenengan Berharga Kanggoné Yéhuwah
” Kowé wong sing bener-bener berharga.”—DAN. 9:23, lan cathetan ngisor.
INTI
Ngyakinké wong-wong sing rendah diri nèk meréka berharga kanggoné Yéhuwah.
1-2. Piyé bèn isa yakin nèk awaké dhéwé dianggep penting karo Yéhuwah?
MUNGKIN merga tau diperlakukan ora apik karo wong liya, ana umaté Yéhuwah sing ngrasa rendah diri utawa ora penting. Apa kuwi sing njenengan rasakké? Nèk iya, piyé bèn njenengan isa yakin nèk dianggep penting karo Yéhuwah?
2 Njenengan isa ngrenungké kisah-kisah ing Alkitab sing nduduhké pandhangané Yéhuwah soal piyé kuduné wong diperlakukan karo wong liya. Nah, Yésus selalu apikan lan ngajèni wong liya. Kuwi bukti nèk Yésus lan Bapaké nganggep penting wong-wong sing ngrasa rendah diri. (Yoh. 5:19; Ibr. 1:3) Ing artikel iki bakal dibahas: (1) Apa sing dilakukan Yésus bèn wong-wong isa ngerti sepira berhargané meréka kanggo Yéhuwah? (2) Piyé bèn awaké dhéwé yakin nèk ya dianggep penting karo Yéhuwah?—Hag. 2:7.
SING DILAKUKAN YÉSUS BÈN WONG-WONG NGERTI SEPIRA BERHARGANÉ MERÉKA KANGGO YÉHUWAH
3. Piyé Yésus memperlakukan wong-wong Galiléa sing marani dhèwèké?
3 Pas nginjil ing Galiléa, akèh wong marani Yésus kanggo ngrungokké lan péngin dimarèkké. Yésus ndelok meréka seolah-olah ”dikuliti lan dibuwang kaya domba tanpa gembala”. (Mat. 9:36, lan cathetan ngisor. Deloken telu keterangan tambahané ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Para pemimpin agama nyepèlèkké meréka, bahkan nyebut nèk ”Gusti Allah ora seneng” karo meréka. (Deloken keterangan tambahan ”orang-orang terkutuk” ing Yohanes 7:47-49.) Tapi, Yésus nganggep meréka penting. Buktiné, dhèwèké gelem nyisihké wektu kanggo mulang lan marèkké meréka. (Mat. 9:35) Malah, bèn isa mbantu luwih akèh wong, Yésus nglatih para rasulé kanggo nginjil lan ngekèki meréka kuwasa kanggo ’marèkké wong lara’.—Mat. 10:5-8.
4. Saka carané Yésus memperlakukan wong-wong sing péngin belajar saka dhèwèké, njenengan isa ngerti soal apa?
4 Yésus apikan lan ngajèni wong-wong rendah hati sing péngin belajar saka dhèwèké. Kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah karo Yésus nganggep penting wong-wong sing disepèlèkké. Dadi, nèk saiki wektu nglayani Yéhuwah njenengan ngrasa rendah diri utawa ora berharga, élinga carané Yésus memperlakukan wong-wong mau. Nèk ngrenungké kuwi, njenengan dadi isa ngerti sepira berhargané njenengan kanggo Yéhuwah.
5. Critakna kondhisiné wong wédok sing ditemoni Yésus wektu nginjil ing Galiléa.
5 Yésus ora mung mulang wong secara kelompok, tapi ya nggatèkké saben wong. Misalé, wektu nginjil ing Galiléa, ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan. (Mrk. 5:25) Menurut Hukum, wong wédok kuwi najis lan sapa waé sing ndemèk dhèwèké ya dadi najis. Dadi, selama bertaun-taun mungkin dhèwèké kesepian merga ora isa bébas bergaul. Sakliyané kuwi, dhèwèké ya ora isa ngibadah ing sinagogé utawa mèlu perayaan-perayaan bareng wong liyané. (Km. 15:19, 25) Dadi isa dibayangké, ora mung badané thok sing lara, tapi ya atiné, merga ngrasa ora ana sing sayang karo dhèwèké.—Mrk. 5:26.
6. Apa sing dilakukan wong wédok kuwi bèn isa mari?
6 Wong wédok kuwi péngin banget dimarèkké Yésus. Tapi, dhèwèké ora wani ngomong langsung karo Yésus. Mungkin, dhèwèké ngrasa isin utawa rendah diri. Utawa, mungkin dhèwèké wedi bakal disenèni, terus diusir ing ngarepé wong akèh. Merga wedi, dhèwèké mung nyekel klambi njabané Yésus. Tapi, dhèwèké bener-bener beriman nèk kuwi thok waé mesthi isa marakké dhèwèké mari. (Mrk. 5:27, 28) Lan kenyataané, dhèwèké mari tenan. Bar kuwi, Yésus takon sapa sing wis ndemèk klambi njabané. Terus bar wong wédok kuwi ngaku, piyé tanggepané Yésus?
7. Piyé Yésus memperlakukan wong wédok kuwi? (Markus 5:34)
7 Yésus ndelok wong wédok kuwi ”kewedèn lan ndredheg”. (Mrk. 5:33) Merga mikirké perasaané, Yésus berupaya nggawé bèn wong wédok kuwi ora wedi manèh. Yésus nyebut dhèwèké ”Ndhuk”. Sebutan kuwi nduduhké nèk Yésus ora ngrendahké, tapi sayang lan ora kasar. (Wacanen Markus 5:34.) Ing Alkitab, mung ing peristiwa iki Yésus nyebut wong wédok ”Ndhuk”. Yésus nyebut ngono mungkin merga ndelok wong wédok kuwi wis kewedèn banget. Wong wédok kuwi mesthi seneng banget merga omongan lan perlakuané Yésus sing apikan lan pengasih. Bayangna, nèk Yésus ora ngomong kaya ngono, mungkin wong wédok kuwi mari, tapi bakal terus ngrasa bersalah merga wis ndhesel-ndhesel lan ndemèk klambiné Yésus. Dadi, Yésus ora mung marèkké, tapi ya mbantu wong wédok kuwi ngerti nèk dhèwèké berharga kaya anak wédok sing disayangi Yéhuwah.
8. Apa waé sing dialami Sedulur Monica saka Brasil?
8 Saiki, ya ana umaté Yéhuwah sing merga penyakité dadi déprèsi utawa rendah diri. Contoné Sedulur Monica,a perintis biasa saka Brasil. Kèt lair dhèwèké ora nduwé sikil lan tangané mung siji. Monica crita, ”Ing sekolah, aku kerep diécé lan dikèki julukan sing marakké aku lara ati. Bahkan, keluargaku dhéwé ya ngrèmèhké aku.”
9. Apa sing marakké Monica akhiré ngerti nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah?
9 Monica akhiré dadi Seksi Yéhuwah. Merga carané para sedulur memperlakukan Monica, Monica akhiré dadi isa ngrasakké nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah. Monica crita, ”Nèk jenengé para sedulur sing wis terus mbantu lan ndhukung aku tak tulis ing buku, bukuné ora cukup. Aku bersyukur banget Yéhuwah wis ngekèki aku para sedulur sing kaya keluarga.”
10. Apa sing dialami Maria Magdaléna? (Deloken gambar.)
10 Terus, gatèkna piyé Yésus nulungi Maria Magdaléna sing kerasukan roh jahat pitu. (Luk. 8:2) Merga pengaruhé roh-roh jahat kuwi, mungkin kelakuané Maria dadi anèh lan marakké wong-wong wedi nyedhaki. Bayangna perasaané Maria Magdaléna. Dhèwèké mesthi menderita banget. Dhèwèké ngrasa wedi lan ngrasa ora disayangi. Terus, Yésus ngusir roh-roh jahat mau, lan Maria akhiré dadi muridé Yésus. Nah, apa manèh sing dilakukan Yésus bèn Maria Magdaléna ngerti sepira berhargané dhèwèké kanggo Yéhuwah?
Apa sing dilakukan Yésus bèn Maria Magdaléna yakin nèk dhèwèké disayangi Yéhuwah? (Deloken paragraf 10-11)
11. Apa manèh sing dilakukan Yésus bèn Maria Magdaléna yakin nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah? (Deloken gambar.)
11 Yésus ngundang Maria Magdaléna kanggo ngancani dhèwèké nginjil ing endi-endi.b Kuwi marakké Maria dadi isa terus ngrungokké ceramah-ceramahé Yésus. Yésus ya nemoni dhèwèké ing dina pas Yésus diuripké manèh. Maria Magdaléna kuwi salah siji murid sing pertama kali dijak omongan Yésus dina kuwi. Bahkan, dhèwèké sing dikon ngandhani rasul liyané nèk Yésus wis urip manèh. Kuwi kabèh carané Yésus ngyakinké Maria Magdaléna nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah.—Yoh. 20:11-18.
12. Apa sing dialami Lidia sing marakké dhèwèké ngrasa ora disenengi?
12 Kaya Maria Magdaléna, ana akèh wong sing ya ngrasa ora disenengi. Contoné, Sedulur Lidia saka Spanyol. Dhèwèké crita nèk sejak awal dhèwèké ora tau diharapké. Bahkan pas dhèwèké isih ing njero weteng, ibuné tau arep nggugurké dhèwèké. Pas isih cilik, Lidia ya kerep disia-sia lan diunèk-unèkké ibuné. Lidia ngomong, ”Sing tak harapké kuwi mung bèn aku disayang lan digatèkké. Tapi, merga carané ibuku memperlakukan aku mbiyèn, aku ngrasa nèk ora soal apa sing tak lakukan, ora bakal ana wong sing sayang karo aku.”
13. Apa sing akhiré marakké Lidia isa ngrasakké nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah?
13 Sakwisé belajar Alkitab, Lidia akhiré menyadari nèk dhèwèké berharga kanggoné Yéhuwah. Dhèwèké dadi kerep ndonga, maca Alkitab, lan ngrasakké nèk omongan lan perbuatané para sedulur selalu apik karo dhèwèké. Lidia crita, ”Bojoku kerep ngandhani nèk dhèwèké sayang banget karo aku. Dhèwèké ya selalu ngélingké soal sifat-sifat apikku. Sedulur-sedulur liyané ya kaya ngono.” Kaya Lidia, ing jemaat mungkin ya ana sing butuh diyakinké nèk meréka berharga kanggoné Yéhuwah. Dadi, liwat omongan lan perbuatan, njenengan isa ngyakinké meréka.
PIYÉ BÈN YAKIN NÈK AWAKÉ DHÉWÉ PENTING KANGGO YÉHUWAH?
14. Menurut 1 Samuèl 16:7, piyé carané Yéhuwah menilai wong? (Deloken kothak ”Apa sing Marakké Yéhuwah Nganggep Umaté Berharga?”)
14 Élinga nèk pandhangané Yéhuwah ora padha kaya pandhangané wong-wong. (Wacanen 1 Samuèl 16:7.) Wong-wong ing donya menilai wong berdasarkan penampilan, kekayaan, utawa pendidikan. Tapi, nèk Yéhuwah ora menilai wong berdasarkan hal-hal kuwi. (Yés. 55:8, 9) Dadi, wektu menilai diri sendiri, aja niru pandhangané wong, tapi tirunen pandhangané Yéhuwah. Wacanen kisah-kisah ing Alkitab soal wong-wong sing ya tau ngrasa rendah diri, misalé Èlia, Naomi, lan Hana. Renungna piyé Yéhuwah nduduhké sepira pentingé meréka kanggo Dhèwèké. Njenengan ya isa nulis hal-hal sing tau njenengan alami sing mbuktèkké nèk Yéhuwah sayang lan nganggep njenengan berharga. Sakliyané kuwi, ing publikasi saka organisasi, riseta topik soal perasaan ora berharga.c
15. Danièl ”bener-bener berharga” kanggoné Yéhuwah merga apa? (Danièl 9:23)
15 Terus élinga nèk njenengan berharga kanggoné Yéhuwah merga njenengan terus setya. Nabi Danièl tau ngrasa cilik ati lan ”kesel banget”, mungkin merga wektu kuwi umuré wis mèh 100. (Dan. 9:20, 21) Tapi, Yéhuwah ngutus malaékat Gabrièl kanggo nguwatké Danièl. Gabrièl ngélingké Danièl nèk dhèwèké kuwi ”wong sing bener-bener berharga” kanggoné Yéhuwah, lan donga-dongané dirungokké. (Wacanen Danièl 9:23, lan cathetan ngisor.) Apa sing marakké Danièl ”bener-bener berharga” kanggoné Yéhuwah? Sakliyané akèh sifat apiké Danièl, Danièl ya selalu setya lan melakukan sing bener. (Yèh. 14:14) Nah, kisahé Danièl kuwi ditulis ing Alkitab kanggo ngélingké awaké dhéwé. (Rm. 15:4) Nèk terus setya lan melakukan sing bener, njenengan ya bakal bener-bener berharga kanggoné Yéhuwah. (Mi. 6:8) Terus, kaya Yéhuwah wis ngrungokké dongané Danièl, Yéhuwah ya bakal ngrungokké dongané njenengan.—Ibr. 6:10.
16. Piyé bèn isa terus éling nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo njenengan?
16 Élinga nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo njenengan. Dhèwèké pénginé nulungi, dudu nggolèk-nggolèk kesalahan. (Mzm. 130:3; Mat. 7:11; Luk. 12:6, 7) Akèh sing wis ngrasakké manfaaté merga ngrenungké kuwi. Misalé, Sedulur Michelle saka Spanyol. Selama bertaun-taun, dhèwèké dikasari bojoné. Kuwi marakké dhèwèké dadi ngrasa ora disayangi. Michelle crita, ”Pas ngrasa ora berguna, aku coba mbayangké lagi digéndhong lan disayang-sayang Yéhuwah.” (Mzm. 28:9) Sedulur Lauren saka Afrika Selatan ya seneng mikir ngéné, ”Nèk Yéhuwah nganti gelem narik aku dadi umaté nganggo katresnané, gelem akrab karo aku nganti saiki, lan bahkan nggunakké aku kanggo ngajari wong liya, berarti aku mémang berguna kanggo Yéhuwah.”—Hos. 11:4.
17. Apa sing isa marakké njenengan yakin nèk wis nggawé Yéhuwah seneng? (Mazmur 5:12) (Deloken gambar.)
17 Yakina nèk njenengan wis nggawé Yéhuwah seneng. (Wacanen Mazmur 5:12.) Daud ngomong nèk Yéhuwah seneng karo wong sing bener lan nglindhungi meréka kaya ”tamèng sing gedhé”. Nèk éling wis nggawé Yéhuwah seneng, umaté Yéhuwah seolah-olah isa nangkis pikiran-pikiran èlèk sing nganggep rendah diri sendiri. Apa buktiné nèk njenengan wis nggawé Yéhuwah seneng? Kaya sing wis dibahas, Yéhuwah nduduhké kuwi liwat ayat Alkitab. Terus, Yéhuwah ya seneng ngélingké nèk njenengan berharga liwat para pinituwa, kanca akrab, lan sedulur liyané. Nah, wektu diélingké, tanggepané kudu piyé?
Dadi ngrasa ora rendah diri nèk ngerti wis nggawé Yéhuwah seneng (Deloken paragraf 17)
18. Nèk ana sing muji hal-hal apik saka njenengan, ngapa kok aja nganggep nèk kuwi ngapusi?
18 Nèk ana sing tulus muji hal-hal apiké njenengan, aja nganggep kuwi ngapusi. Élinga nèk meréka mungkin digunakké Yéhuwah kanggo mbantu njenengan yakin nèk wis nggawé Yéhuwah seneng. Sedulur Michelle sing disebutké mau ngomong, ”Awalé, aku ora tau percaya nèk ana sing ngomong hal-hal sing apik soal aku. Tapi, aku ngerti nèk Yéhuwah pénginé aku percaya. Makané, aku berjuang bèn isa percaya.” Para pinituwa ya ngyakinké Michelle nèk dhèwèké wis nggawé Yéhuwah seneng. Saiki, Michelle nglayani dadi perintis lan rélawan jarak jauhé Bètel.
19. Apa sing marakké njenengan yakin nèk njenengan berharga kanggoné Yéhuwah?
19 Yésus wis ngélingké sepira berhargané awaké dhéwé kanggoné Yéhuwah. (Luk. 12:24) Dadi, aja nganti lali soal kuwi. Terus, ya upayakna mbantu wong liya bèn meréka yakin nèk meréka berharga kanggoné Yéhuwah.
LAGU 139 Bayangna Donya Anyar
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b Maria Magdaléna kuwi salah siji wong wédok sing mèlu Yésus nginjil ing endi-endi. Dhèwèké lan wong-wong wédok liyané kuwi gelem nyumbangké dhuwité kanggo ngurus kebutuhané Yésus lan para rasulé.—Mat. 27:55, 56; Luk. 8:1-3.
c Misalé, wacanen buku Mendekatlah Kepada Yehuwa Bab 24. Utawa, ing buku Tuntunan saka Alkitab, wacanen ayat-ayat lan kisah Alkitab sing ana ing topik ”Ngrasa Ora Berharga”.