Selasa, 16 September
Aku lan rasul-rasul liyané wis ngerti lan percaya nèk njenengan kuwi Abdi sing suci lan utusané Gusti Allah.—Yoh. 6:69.
Rasul Pétrus bertékad tetep setya karo Yésus. Kuwi terbukti pas Yésus ngomongké sesuatu sing ora dipahami murid-muridé. Wektu kuwi, murid-murid liyané ora takon tapi langsung ninggalké Yésus. Tapi nèk Pétrus, dhèwèké tetep setya karo Yésus lan ngomong nèk ’mung omongané Yésus sing isa mènèhi urip saklawasé’. (Yoh. 6:68) Yésus ngerti nèk Pétrus lan murid-murid liyané bakal ninggalké dhèwèké. Tapi Yésus yakin nèk Pétrus bakal balik lan tetep setya karo Yésus. (Luk. 22:31, 32) Yésus ngerti, ”senajan wong semangaté gedhé, ning awaké ora kuwat nglakoni”. (Mrk. 14:38) Makané, Yésus tetep nguwatké Pétrus meskipun wis ora diakoni Pétrus. Bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus pas Pétrus lagi dhèwèkan. (Mrk. 16:7; Luk. 24:34; 1 Kor. 15:5) Pétrus sing mauné lagi putus asa, bar kuwi mesthi dadi semangat manèh. w23.09 22 ¶9-10
Rebo, 17 September
Wong sing kesalahan lan dosané diapura bakal bahagia.—Rm. 4:7.
Yéhuwah gelem ngampuni dosané wong-wong sing beriman karo Dhèwèké. Dosané babar blas wis ora diéling-éling manèh. (Mzm. 32:1, 2) Wong-wong kuwi dianggep bener lan ora nduwé salah merga imané. Meskipun Abraham, Daud, lan umaté Yéhuwah liyané dianggep bener, meréka isih durung sampurna. Tapi merga meréka nduwé iman, Gusti Allah nganggep meréka ora salah, apamanèh nèk dibandhingké karo wong-wong sing ora beriman karo Gusti Allah. (Éf. 2:12) Ing suraté kanggo wong Roma, Rasul Paulus njelaské bèn isa dadi kancané Gusti Allah kuwi kunciné kudu nduwé iman. Abraham lan Daud isa dadi kancané Gusti Allah merga meréka beriman karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa kaya ngono. w23.12 3 ¶6-7
Kemis, 18 September
Terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah, . . . yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé kanggo martakké jenengé.—Ibr. 13:15.
Saiki, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa ngekèki korban kanggo Yéhuwah. Carané gelem ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Buktiné nèk bersyukur merga dikèki kesempatan istiméwa kuwi ya kudu ngupayakké sing paling apik. Rasul Paulus nyebutké nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé. (Ibr. 10:22-25) Awaké dhéwé kudu ndonga, nyritakké soal harapan masa depan, ngumpul kanggo ngibadah, lan saling nguwatké. Awaké dhéwé kudu ”luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”. Ing bagéan penutup buku Wahyu, malaékaté Yéhuwah ngomong, ”Sembahen Gusti Allah.” Dhèwèké ngomong kuwi nganti ping pindho kanggo nandheské nèk kuwi penting. (Why. 19:10; 22:9) Muga-muga awaké dhéwé terus kèlingan pelajaran soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung lan menghargai kesempatan istiméwa isa nyembah Yéhuwah. w23.10 29 ¶17-18