PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Oktober hlm. 18-23
  • Piyé Bèn Dongané Luwih Bermutu?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Dongané Luwih Bermutu?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • AJA WEDI UTAWA ISIN KANGGO NDONGA
  • BÈN DONGANÉ ISA LUWIH BERMUTU
  • NGRENUNGKÉ DONGA-DONGA SING DITULIS ING ALKITAB
  • TERUS NDONGA
  • Aja Lali Ndongakké Wong Liya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Yéhuwah ”Nambani Wong sing Lara Ati”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Bèn Donga Luwih Bermakna
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Oktober hlm. 18-23

ARTIKEL PELAJARAN 42

LAGU 44 Donga Wektu Aku Susah

Piyé Bèn Dongané Luwih Bermutu?

”Oh Yéhuwah, tulung jawab aku merga aku ndonga sak tulusé atiku.”—MZM. 119:145.

INTI

Ngrenungké conto-conto donga sing ditulis ing Alkitab bèn dongané luwih bermutu.

1-2. (a) Apa waé sing isa marakké dadi ora leluasa wektu ndonga? (b) Saka endi ngertiné nèk Yéhuwah bener-bener ngrungokké donga?

KABÈH wong, mungkin termasuk njenengan, mesthi tau ngrasa ndongané mung sekedar rutinitas, dibolan-balèni, utawa mung ngono-ngono waé. Merga sibuk, kadhang ndongané ya dadi cepet-cepet, ora isa suwé. Utawa, merga ngrasa ora pantes, dadi ora leluasa crita pas ndonga.

2 Menurut Alkitab, sing penting kanggo Yéhuwah kuwi dudu kata-kata sing puitis utawa indah, tapi sing asalé saka ati sing tulus. Yéhuwah ”ngrungokké dongané wong sing wataké alus”. (Mzm. 10:17) Dhèwèké ngrungokké tenanan saben kata sing diucapké merga bener-bener perduli.—Mzm. 139:​1-3.

3. Pertanyaan-pertanyaan apa waé sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Nah ing artikel iki, ayo mbahas: Ngapa kok ora perlu wedi wektu ndonga karo Yéhuwah? Piyé bèn dongané isa luwih bermutu? Apa manfaaté nèk ngrenungké conto-conto donga sing ditulis ing Alkitab? Lan, apa sing isa dilakukan wektu saking strèsé dadi bingung arep ngomong apa wektu ndonga?

AJA WEDI UTAWA ISIN KANGGO NDONGA

4. Kudu piyé bèn isa leluasa crita karo Yéhuwah wektu ndonga? (Mazmur 119:145)

4 Wektu ndonga, bèn isa leluasa nyritakké kabèh sing dirasakké, kudu nganggep Yéhuwah kuwi kanca sing setya sing péngin awaké dhéwé bahagia. Contoné, sing nulis Mazmur 119. Dhèwèké ngadhepi akèh masalah, misalé difitnah wong. (Mzm. 119:​23, 69, 78) Dhèwèké ya isih kudu berjuang nglawan kelemahané. (Mzm. 119:67) Tapi merga nganggep Yéhuwah kancané, dhèwèké ora wedi nyritakké kabèh perasaané ing Yéhuwah.—Wacanen Mazmur 119:145.

5. Ngapa kok aja nganti isin utawa wedi, terus wegah ndonga? Kèkana perumpamaané.

5 Bahkan wong-wong sing wis nggawé kesalahan gedhé ya diundang Yéhuwah kanggo ndonga. (Yés. 55:​6, 7) Dadi, aja wedi utawa isin kanggo ndonga. Perumpamaané ngéné: Pilot pesawat ngerti nèk dhèwèké isa ngubungi petugas lalu lintas udara nèk butuh bantuan. Nah, nèk tersesat utawa nggawé kesalahan, mosok dhèwèké dadi wegah ngubungi merga isin utawa wedi? Mesthiné ora, ta? Nah, nèk wis nggawé kesalahan utawa dosa, awaké dhéwé ya aja isin utawa wedi kanggo ndonga karo Yéhuwah.—Mzm. 119:​25, 176.

BÈN DONGANÉ ISA LUWIH BERMUTU

6-7. Bèn isa leluasa nyritakké kabèh wektu ndonga, apa sing isa direnungké? Kèkana conto. (Deloken cathetan ngisor.)

6 Nèk leluasa nyritakké kabèh sing dipikirké lan dirasakké, mengko hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi luwih akrab. Nah bèn isa ndonga kaya ngono, kudu piyé?

7 Ngrenungké Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing kaya apa.a Semakin ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, mengko ya bakal semakin leluasa crita. (Mzm. 145:​8, 9, 18) Gatèkna pengalamané Sedulur Kristine, sing bapaké kejem. Kristine crita, ”Wektu ndonga, aku ora isa mbayangké Yéhuwah kaya Bapak sing penyayang. Aku ya mikir nèk Yéhuwah mesthi bakal ninggalké aku nèk aku nggawé kesalahan.” Nah, apa sing dilakukan Kristine? Dhèwèké ngomong, ”Aku ngrenungké katresnané Yéhuwah sing langgeng. Aku ngerti nèk Dhèwèké bakal selalu nulungi lan sayang karo aku bahkan nèk aku nggawé salah. Kuwi sing marakké aku leluasa crita, ora soal pas lagi seneng utawa susah.”

8-9. Apa manfaaté nèk mikir sik sakdurungé ndonga? Kèkana conto.

8 Mikirké sik apa sing arep diomongké. Sakdurungé ndonga, isa mikir misalé: ’Masalah apa sing lagi tak adhepi? Apa ana sing durung tak ampuni? Apa akhir-akhir iki ana perubahan sing tak alami sing butuh banget dibantu Yéhuwah?’ (2 Raj. 19:​15-19) Terus, kaya conto dongané Yésus, ya isa mikirké soal jeneng Yéhuwah, Kerajaané, lan karepé.—Mat. 6:​9, 10.

9 Gatèkna pengalamané Sedulur Aliska. Dhèwèké dikandhani nèk bojoné lara kanker otak lan uripé wis ora suwé manèh. Aliska crita, ”Wektu kuwi aku bener-bener strès banget nganti pas arep ndonga aku ora ngerti kudu ngomong apa.” Apa sing akhiré dilakukan Aliska? Dhèwèké ngomong, ”Sakdurungé ndonga, aku mikir sik arep ngomong apa karo Yéhuwah. Kuwi marakké isi dongaku ora mung soal aku utawa bojoku lan penyakité. Kuwi ya marakké aku dadi luwih tenang lan isa crita apa waé karo Yéhuwah.”

10. Ngapa kok aja kesusu wektu ndonga? (Deloken gambar.)

10 Ora kesusu pas ndonga. Mémang donga sing singkat isa marakké dadi akrab karo Yéhuwah. Tapi nèk ndongané saya suwé, ana luwih akèh sing isa dicritakké karo Yéhuwah.b Bojoné Aliska yaiku Elijah, ngomong, ”Sedina aku ndonga ping bola-bali. Merga ndongaku ora kesusu, aku ngrasa dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Aku ngerti Yéhuwah sabar ngrungokké, dadi aku isa ndonga sing suwé.” Makané, coba golèka wektu lan panggonan sing isa marakké konsèntrasi wektu ndonga. Nèk isa, ndongané nganggo swara. Terus, kuwi dadèkna kebiasaan.

Gambar: 1. Pas isih ésuk banget, sedulur lanang merenung karo ngopi. Ing méja ana Alkitab sing kebukak. 2. Pas wis mulai padhang, dhèwèké isih lungguh ing kono lan ndonga suwé.

Golèka wektu lan panggonan sing cocog bèn ndongané isa suwé (Deloken paragraf 10)


NGRENUNGKÉ DONGA-DONGA SING DITULIS ING ALKITAB

11. Apa manfaaté nèk ngrenungké dongané umaté Yéhuwah sing ditulis ing Alkitab? (Deloken kothak ”Apa Njenengan Saiki Lagi Ngalami sing Padha?”)

11 Donga lan lagu pujian sing ditulis ing Alkitab ya isa bermanfaat nèk direnungké. Nèk nggatèkké carané umaté Yéhuwah jaman mbiyèn ngungkapké perasaané ing Yéhuwah, njenengan ya isa tergerak kanggo seleluasa kuwi nyritakké perasaan ing Yéhuwah. Terus, njenengan ya dadi nduwé idé kata-kata kanggo ngungkapké pujian ing Yéhuwah. Sakliyané kuwi, mungkin njenengan ya dadi ngerti dongané umaté Yéhuwah sing situasiné padha karo njenengan.

Apa Njenengan Saiki Lagi Ngalami sing Padha?

Saka situasi-situasi sing dialami umaté Yéhuwah iki, apa ana sing padha karo situasiné njenengan?

  • Wektu kuwatir banget, Yakub ora mung ndongakké soal kekuwatirané, tapi ya bersyukur lan ngomong nèk percaya banget karo Yéhuwah.—PD. 32:​9-12.

  • Wektu ngrasa ora sanggup nglakoni tugas merga isih enom lan durung berpengalaman, Raja Salomo njaluk tulung karo Yéhuwah.—1 Raj. 3:​7-9.

  • Sakwisé laku jina karo Bat-syéba, Daud njaluk tulung bèn Yéhuwah ngekèki dhèwèké ”ati sing murni”.—Mzm. 51:​9-12, cathetan ngisor.

  • Pas éntuk tugas sing istiméwa, Maria muji Yéhuwah.—Luk. 1:​46-49.

Bahan pelajaran pribadi: Wacanen dongané umaté Yéhuwah sing setya. Pikirna, ’Dhèwèké ngomong apa karo Yéhuwah, terus ngomongé piyé?’ Bar kuwi gatèkna piyé Yéhuwah njawab dongané. Terus, trapna pelajarané.

12. Wektu ngrenungké donga sing ditulis ing Alkitab, pertanyaan apa waé sing isa dipikirké?

12 Wektu ngrenungké isi donga sing ditulis ing Alkitab, pikirna, ’Iki dongané sapa? Apa sing dhèwèké alami kok nganti ndonga kaya ngono? Apa sing dhèwèké ungkapké kuwi padha karo sing tak rasakké? Apa pelajarané kanggo aku?’ Bèn isa éntuk jawabané, mungkin perlu riset, tapi kuwi mesthi ana manfaaté. Ayo ndelok papat contoné.

13. Apa sing isa dipelajari saka dongané Hana? (1 Samuèl 1:​10, 11) (Deloken gambar.)

13 Wacanen 1 Samuèl 1:​10, 11. Wektu ngucapké donga iki, ana loro masalah gedhé sing lagi diadhepi Hana. Dhèwèké mandhul, terus Èlkana bojoné nduwé bojo liya sing jahat karo Hana. (1 Sam. 1:​4-7) Nah, nèk njenengan ngalami masalah sing ora mandheg-mandheg, apa sing isa dipelajari saka dongané Hana? Sakwisé ndonga suwé lan nyritakké kabèh sing dirasakké, Hana dadi lega. (1 Sam. 1:12, 18) Padha kaya Hana, nèk ’masrahké kabèh beban ing Yéhuwah’, awaké dhéwé bakal dadi lega.—Mzm. 55:​22, lan cathetan ngisor.

Gambar: 1. Hana kétok sedhih pas Èlkana dolanan karo loro anaké Pénina. 2. Pénina senyum karo nggéndhong anaké sing lagi waé lair. 3. Hana ndonga karo nangis. 4. Imam Agung Èli lungguh karo tangané sedhakep. Dhèwèké ndeloki Hana.

Hana sedhih banget merga mandhul lan terus-terusan diécé Pénina. Tapi kuwi kabèh dicritakké ing Yéhuwah. (Deloken paragraf 13)


14. (a) Apa manèh sing isa dipelajari saka Hana? (b) Nèk seneng ngrenungké ayat-ayat Alkitab, apa manfaaté wektu ndonga? (Deloken cathetan ngisor.)

14 Akhiré, Hana nduwé anak lanang sing jenengé Samuèl. Beberapa taun bar kuwi, Hana nggawa Samuèl ing Imam Agung Èli. (1 Sam. 1:​24-28) Ing dongané, Hana nduduhké nèk bersyukur banget merga Yéhuwah terbukti perduli lan nggatèkké umaté sing setya.c (1 Sam. 2:​1, 8, 9) Mémang masalahé isih ana, tapi Hana luwih fokus karo berkah-berkah sing dhèwèké tampa. Apa pelajarané? Nèk ngadhepi masalah sing ora rampung-rampung, awaké dhéwé bakal tetep tabah nèk fokus karo piyé Yéhuwah terus mbantu nganti saiki.

15. Apa sing isa dipelajari saka dongané Nabi Yérémia wektu ngalami ketidakadilan? (Yérémia 12:1)

15 Wacanen Yérémia 12:1. Nabi Yérémia tau jèngkèl wektu ndelok wong jahat uripé pénak. Dhèwèké ya tau cilik ati merga diécé wong Israèl liyané. (Yér. 20:​7, 8) Kuwi kabèh dhèwèké critakké ing Yéhuwah. Tapi gatèkna nèk wektu crita, Yérémia ora tau nyalahké Yéhuwah. Nah, wektu dhèwèké ndelok piyé Yéhuwah ngukum wong-wong jahat kuwi, dhèwèké mesthi tambah yakin nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil. (Yér. 32:19) Nah kaya Yérémia, wektu ngalami dhéwé utawa ndelok ketidakadilan, awaké dhéwé isa nyritakké perasaan jèngkèl kuwi ing Yéhuwah lan yakin nèk wis wektuné Yéhuwah mesthi bakal bertindak.

16. Nèk sing isa dilakukan terbatas merga keadaan, apa sing isa dipelajari saka wong Lèwi ing pembuangan? (Mazmur 42:​1-4) (Deloken gambar.)

16 Wacanen Mazmur 42:​1-4. Pas ing pembuangan, ana wong Lèwi sing nulis lagu kuwi. Wektu kuwi, merga ora isa ngibadah ing bait bareng karo wong Israèl liyané, dhèwèké dadi sedhih banget. Padha kaya ngono, mungkin merga dipenjara utawa kudu ing omah terus merga lara, perasaané awaké dhéwé ya isa dadi ora stabil. Tapi nèk kabèh dicritakké ing Yéhuwah, mengko dadi isa nduwé pandhangan sing bener soal situasi sing lagi diadhepi. Misalé, wong Lèwi mau dadi sadhar nèk dhèwèké malah nduwé kesempatan anyar kanggo muji Yéhuwah. (Mzm. 42:5) Dhèwèké ya dadi sadhar nèk Yéhuwah selama iki wis ngopèni. (Mzm. 42:8) Nèk ndonga tenanan, mengko dadi nduwé pandhangan sing bener, dadi luwih tenang, lan isa tabah.

Gambar: 1. Wong Lèwi ndonga tenanan pas ing padhang belantara. 2. Pas opname, sedulur lanang lungguh ing kasur rumah sakit, terus ndonga. Ing pangkuané ana Alkitab sing kebukak.

Wong Lèwi sing nulis Mazmur 42 nyritakké kabèh sing dhèwèké rasakké ing Yéhuwah. Wektu ndonga nyritakké kabèh perasaan, awaké dhéwé ya isa dadi nduwé pandhangan sing bener soal situasi sing lagi diadhepi. (Deloken paragraf 16)


17. (a) Apa sing isa dipelajari saka dongané Nabi Yunus? (Yunus 2:​1, 2) (b) Wektu ngadhepi masalah, apa manfaaté nèk ngéling-éling ayat-ayat saka Mazmur? (Deloken cathetan ngisor.)

17 Wacanen Yunus 2:​1, 2. Iki dongané Nabi Yunus wektu ing njero wetengé iwak. Yunus yakin Yéhuwah bakal ngrungokké dongané meskipun sakdurungé kuwi dhèwèké ora manut Yéhuwah. Wektu ndonga, Yunus ngutip kata-kata ing Mazmur.d Kuwi bukti nèk dhèwèké bener-bener paham ayat-ayat kuwi. Merga éling lan ngrenungké ayat-ayat kuwi, dhèwèké yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nulungi. Padha kaya ngono, nèk ngupaya ngapalké ayat-ayat Alkitab, mengko nèk pas ana masalah, terus awaké dhéwé ndonga, isa waé dadi éling karo ayat-ayat kuwi lan akhiré terhibur.

TERUS NDONGA

18-19. Nèk kadhang bingung arep ngomong apa wektu ndonga, ana jaminan apa ing Roma 8:​26, 27? Kèkana conto.

18 Wacanen Roma 8:​26, 27. Kadhang merga saking kuwatiré, pas ndonga dadi ora ngerti apa sing kudu diomongké. Tapi pas kaya ngono, roh suci sing bakal ”nyampèkké” kuwi kanggo awaké dhéwé. Apa maksudé? Liwat roh suciné, Yéhuwah ngongkon bèn donga-dongané umaté jaman mbiyèn, sing situasiné padha karo awaké dhéwé, ditulis ing Alkitab. Nah wektu awaké dhéwé ora isa ngungkapké perasaan, Yéhuwah nganggep kata-katané umaté jaman mbiyèn kuwi seolah-olah mewakili perasaané awaké dhéwé, lan Dhèwèké bakal njawab donga kuwi.

19 Hal kuwi sing nguwatké Sedulur Yelena ing Rusia. Dhèwèké dicekel merga ndonga lan maca Alkitab. Wektu kuwi, Yelena dadi strès banget nganti angèl kanggo ndonga. Yelena crita, ”Aku éling nèk wektu kuwatir banget lan bingung mèh ngomong apa wektu ndonga, Yéhuwah gelem nganggep donga-dongané umaté jaman mbiyèn . . . mewakili sing arep tak dongakké. . . . Kuwi marakké aku dadi ngrasa terhibur banget meskipun ngadhepi masa-masa sing sulit.”

20. Piyé bèn isa luwih gampang kanggo ndonga wektu lagi strès?

20 Wektu lagi strès banget, isa waé pas ndonga dadi ora isa konsèntrasi utawa malah dadi mikirké hal-hal liyané. Nah, apa sing isa dilakukan? Coba rungokna rekaman audio Mazmur. Utawa, coba tulisen sing njenengan rasakké. Kuwi kaya sing dilakukan Raja Daud. (Mzm. 18, 34, 142 lan kabèh superskripsiné) Mémang, ora ana aturan soal kudu piyé persiapan sakdurungé ndonga. (Mzm. 141:2) Dadi, upayakna apa sing cocog kanggo njenengan.

21. Ngapa kok aja ragu kanggo ndonga karo Yéhuwah?

21 Rasané mesthi lega banget merga ngerti nèk Yéhuwah memahami perasaané awaké dhéwé bahkan sakdurungé kuwi diomongké. (Mzm. 139:4) Tapi, Yéhuwah tetep péngin awaké dhéwé ngungkapké kuwi kanggo nduduhké nèk percaya banget karo Dhèwèké. Dadi, aja ragu-ragu ndonga karo Yéhuwah. Golèka idé kata-kata saka donga sing ditulis ing Alkitab. Ndongaa saktulusé ati, lan critakna kabèh sing marakké seneng utawa susah. Yéhuwah kuwi kanca sejati sing bakal terus ngancani njenengan.

APA JAWABANÉ?

  • Kudu piyé bèn isa leluasa crita karo Yéhuwah wektu ndonga?

  • Piyé bèn dongané isa luwih bermutu?

  • Apa manfaaté ngrenungké donga-donga sing ditulis ing Alkitab?

LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké

a Ing buku Tuntunan saka Alkitab golèkana topik ”Yéhuwah”, terus deloken bagian ”Sifat-sifaté Yéhuwah”.

b Donga sing disampèkké pas acara pertemuan ibadah biasané ora dawa.

c Ing dongané, kata-kata sing digunakké Hana mirip karo tulisané Musa. Kuwi bukti nèk Hana seneng ngrenungké Kitab Suci. (PT. 4:35; 8:18; 32:​4, 39; 1 Sam. 2:​2, 6, 7) Atusan taun bar kuwi, kata-kata sing digunakké Maria ibuné Yésus wektu muji Yéhuwah ya mirip karo sing digunakké Hana.—Luk. 1:​46-55.

d Misalé, bandhingna Yunus 2:​3-9 karo Mazmur 69:1; 16:10; 30:3; 142:​2, 3; 143:​4, 5; 18:6; lan 3:8. Ayat-ayat ing Mazmur iki diurutké berdasarkan omongané Yunus.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim