KUDU TERUS JAGA-JAGA
Menurut Alkitab, Tingkah Lakuné Wong Kristen Kuduné Piyé?
Akèh wong ngaku nèk meréka kuwi wong Kristen, tapi tingkah lakuné kasar karo wong liya. Contoné ana sing égois, ora jujur, jahat, terus ya ana sing ora setya karo bojoné. Mulané, ana wong-wong sing mikir ngéné, ’Kuduné tingkah lakuné wong Kristen kuwi piyé?’
Apa maksudé dadi wong Kristen?
Mémang gampang nèk mung ngaku dadi wong Kristen. Tapi menurut Alkitab, wong isa disebut Kristen nèk dhèwèké dadi muridé Yésus. (Kisah 11:26) Yésus kandha ngéné, ”Nèk kowé terus percaya karo wulanganku, kowé kuwi bener-bener muridku.” (Yohanes 8:31) Ya mémang, ora ana sing isa selalu manut préntahé Yésus. Tapi, wong Kristen bakal ngupaya tenanan bèn isa ngetrapké ajarané Yésus lan kuwi kétok saka tingkah lakuné saben dina. Contoné apa waé?
Sayang karo wong liya
Kata-katané Yésus: ”Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha-padha nresnani. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé ya kudu padha-padha nresnani. Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.”—Yohanes 13:34, 35.
Tingkah lakuné Yésus: Wong sing ditemoni Yésus asalé saka dhaérah sing béda-béda. Ana sing sugih utawa mlarat, ana sing nduwé jabatan utawa wong biasa, tapi meskipun ngono Yésus ora mbédak-mbédakké lan tetep sayang karo kabèh wong sing dhèwèké temoni. Buktiné, Yésus gelem nambani wong sing lara, mènèhi mangan wong-wong sing ngelih, bahkan Yésus ya gelem ngorbanké nyawané kanggo wong akèh.—Matius 14:14-21; 20:28.
Carané wong Kristen isa niru Yésus: Wong Kristen bakal ngupaya kanggo murah hati, ora mbédak-mbédakké, lan seneng ngapurani. Sakliyané kuwi, wektu ana sing lagi susah, meréka ya gelem berkorban bèn isa mbantu wong kuwi.—1 Yohanes 3:16.
Jujur
Kata-katané Yésus: ”Aku iki . . . sing bener.”—Yohanes 14:6.
Tingkah lakuné Yésus: Kabèh sing ditindakké lan diomongké Yésus mesthi bener. Yésus ora tau ngojok-ojoki wong liya bèn meréka gelem nglakoni sing dikarepké Yésus. Yésus ya ora tau ngajarké ajaran sing salah. Yésus ya dikenal wong sing jujur, bahkan Yésus tetep jujur meskipun kuwi isa nggawé dhèwèké susah.—Matius 22:16; 26:63-67.
Carané wong Kristen isa niru Yésus: Wong Kristen ya bakal jujur, misalé gelem mbayar pajeg lan ora nyolong. Sakliyané kuwi, wektu nyambut gawé dhèwèké ya bakal sregep, tepat waktu, lan ora nggolèk-nggolèk alesan bèn isa mulih sakdurungé jam kerjané rampung. (Roma 13:5-7; Éfésus 4:28) Wong Kristen ya ora bakal ngapusi wong liya lan ora nyonto wektu ujian. Terus, wektu nggawé lamaran pekerjaan utawa ngisi formulir liyané, dhèwèké ya bakal ngekèki informasi sing saktenané.—Ibrani 13:18.
Apikan
Kata-katané Yésus: ”Hé kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh. Ayo mréné lan kerja bareng karo aku. Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati. Kowé bakal seger manèh. Kerja bareng karo aku kuwi pénak, lan bebanku ènthèng.”—Matius 11:28-30.
Tingkah lakuné Yésus: Yésus kuwi wongé alus, dadi wong-wong isa nyaman nèk ana ing cedhaké dhèwèké. Terus, Yésus gelem dicedhaki bocah-bocah, gelem nguwatké wong sing lagi tertekan, lan ngajèni wong liya.—Markus 10:13-15; Lukas 9:11.
Carané wong Kristen isa niru Yésus: Wektu ngomong, wong Kristen ora bakal kasar utawa ora nglarani atiné wong liya. Terus, sing diomongké kuwi hal-hal sing apik. (Éfésus 4:29, 31, 32) Wong Kristen ya bakal perduli lan nduwé inisiatif kanggo mbantu wong liya.—Galatia 6:10.
Tetep setya karo bojo
Kata-katané Yésus: ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”—Markus 10:9.
Tingkah lakuné Yésus: Mémang Yésus durung tau nikah, tapi dhèwèké ngandhani nèk wong sing wis nikah kudu setya karo bojoné. (Matius 19:9) Yésus ya ngélikké nèk ana hal-hal sing isa nggawé wong dadi kepéngin hubungan sèks karo wong liya lan kuwi isa nggawé perkawinané hancur.—Matius 5:28.
Carané wong Kristen isa niru Yésus: Wong Kristen ora bakal nglakoni hal-hal sing ora ngajèni bojoné. (Ibrani 13:4) Meréka bakal saling sayang lan menghargai bojoné.—Éfésus 5:28, 33.